V. BALA VAGGA ~ Wong cubluk
1. dīghā jāgarato ratti, dīghaṃ santassa yojanaṃ.
dīgho bālānaṃ saṃsāro, saddhammaṃ avijānataṃ.
Bengi iku dawa (suwe) tumrap pangrasane wong kang melek; sayojana iku adoh tumrap pangrasane wong kang kesayahen; banget dawane cakramanggilinganing urip (roda samsara) iki tumrap wong cubluk kang ora tepung marang Piwulang Kasunyatan.
60
2. carañce nādhigaccheyya, seyyaṃ sadisamattano.
ekacariyaṃ daḷhaṃ kayirā, natthi bāle sahāyatā.
Menawa ing sajrone ngumbara, wong lelana ora oleh kanca kang luwih becik utawa satimbang, sayogyane dheweke nerusake anggone ngumbara kanthi ijen, kareben ora srawung karo wong cubluk.
61
3. puttā matthi dhanammatthi, iti bālo vihaññati.
attā hi attano natthi, kuto puttā kuto dhanaṃ.
"Aku darbe anak, aku darbe bandha-donya". Ya kang mangkono iku pangertene wong kang cubluk. Menawa dhiri pribadine iku dudu darbeke, apa ora mokal menawa anak lan bondha-donya iku bisa dadi darbeke.
62
4. yo bālo maññati bālyaṃ, paṇḍito vāpi tena so.
bālo ca paṇḍitamānī, sa ve 'bālo'ti vuccati.
Wong bodho (cubluk) kang ngawruhi kabodhowane, ing bab iki dheweke kena disebut wicaksana; ananging wong cubluk kang rumangsa yen dheweke iku wicaksana, ing kono wis mungguh banget lamunta dheweke iku (sinebut) wong cubluk.
63
5. yāvajīvampi ce bālo, paṇḍitaṃ payirupāsati.
na so dhammaṃ vijānāti, dabbī sūparasaṃ yathā.
Sanajan salawase urip, wong cubluk srawung lan Wong pinter (wicaksana), ananging dheweke lestari ora bisa mangerti Dhamma, kayadane sendhok kang ora bisa ngrasakake rasane sayur.
64
6. muhuttamapi ce viññū, paṇḍitaṃ payirupāsati.
khippaṃ dhammaṃ vijānāti, jivhā sūparasaṃ yathā.
Sanajan mung kala-mangsa wong pinter srawung lan wong wicaksana, ing wektu ora suwe enggal bisa mangerti Dhamma. Kayadane lidhah (ilat) kang bisa ngrasakake rasane sayur.
65
7. caranti bālā dummedhā, amitteneva attanā.
karontā pāpakaṃ kammaṃ, yaṃ hoti kaṭukapphalaṃ.
Wong cubluk (pancen) cupet pangertene nganggep awake dhewe iku kayadane mungsuh, jalaran menawa dheweke nindakake piala, tumindake iku tundhone bakal nuwuhake woh kang pait (rasane) tumrap awake dhewe.
66
8. na taṃ kammaṃ kataṃ sādhu, yaṃ katvā anutappati.
yassa assumukho rodaṃ, vipākaṃ paṭisevati.
Manawa sawijining pakaryan sawise katindakake nuwuhake rasa kedhuwung, ing kono wis nyata manawa pakaryan mau ora becik. Paraga pakaryan mau bakal ngundhuh wohing pakaryane kanthi; seru sesambate sinartan eluh kang crocosan ing praene, utawa tetangisan.
67
9. tañca kammaṃ kataṃ sādhu, yaṃ katvā nānutappati.
yassa patīto sumano, vipākaṃ paṭisevati.
Manawa sawijining pakaryan sawise katindakake ora nuwuhake keduwung, ing kono nyata manawa pakaryan mau becik. Paraga pakaryan mau bakal ngundhuh wohing pakaryane kanthi bungah sarta marem ing ati.
68
10. madhuvā maññati bālo, yāva pāpaṃ na paccati.
yadā ca paccati pāpaṃ, bālo dukkhaṃ nigacchati.
Samangsa wohing tindak candhala durung mateng, wong cubluk ngira manawa rasane legi kayadane rasane madu; ananging samangsa wohing pakarti mau wis mateng ing kono dheweke bakal ngrasakake panandhang.
69
11. māse māse kusaggena, bālo bhuñjeyya bhojanaṃ.
na so saṅkhātadhammānaṃ, kalaṃ agghati soḷasiṃ.
Sanadyanta wewulanan (sasen sasen) wong cubluk mangan panganane nganggo ajang pucuki suket "Kusa", sanadyan mangkono dheweke tanpa aji, yen katimbang mung saparanembelase para kang wis pana marang Dhamma.
70
12. na hi pāpaṃ kataṃ kammaṃ, sajju khīraṃva muccati.
ḍahantaṃ bālamanveti, bhasmacchannova pāvako.
Sawijining tindak candhala kang wis katindakake ora enggal nuwuhake akibat, kayadane puwan kang ora sanalika dadi dhidhih, mangkono uga tindak candhala iku mureng, ngatut marang lakune wong cubluk, kayadane geni ing sajroning awu.
71
13. yāvadeva anatthāya, ñattaṃ bālassa jāyati.
hanti bālassa sukkaṃsaṃ, muddhamassa vipātayaṃ.
Wong cubluk oleh kawruh iku mung kanggo numpes awake dhewe. Kawruhe iku mung bakal nyirnakake kabeh kabecikane sarta bakal dadi sarana kanggo nyigar sirahe dhewe.
72
14-15. asantaṃ bhāvanamiccheyya, purekkhārañca bhikkhusu.
āvāsesu ca issariyaṃ, pūjā parakulesu ca.ññantu, gihīpabbajitā ubho.
mamevātivasā assu, kiccākiccesu kismici.
iti bālassa saṅkappo, icchā māno ca vaḍḍhati.
Sawijining wiku kang bodho kepingin asma kang palsu; moncol ing antarane para wiku, nguwasani vihara-vihara sarta kepingin kinurmatan dening sagung wargane.
"Kareben kabeh (para wiku lan umat) padha mikir (nekseni/ngakoni) menawa sakabehing pakaryan iki (kang wigati utawa kang remeh), ora ana kang bisa nindakake kajaba mung aku, sarta padha nyarayowa (nyuwuna biyantu) marang aku. Mangkono kumalungkunge lan gumendhunge wiku kang bodho iku; napsu indriyane sarta kumingsune saya ngremboko.
73-74
16. aññā hi lābhūpanisā, aññā nibbānagāminī.
evametaṃ abhiññāya, bhikkhu buddhassa sāvako.
sakkāraṃ nābhinandeyya, vivekamanubrūhaye.
Ana sawenehing dalan kang tumuju marang kabagyan donya, sarta ana uga dalan liya kang ngener marang Nirwana. Sawise ngawekani kanthi terwaca bab iki, sayogyane sawijining Wiku Siswane Sang Buddha ora kagiwang marang kahanan donya, kajaba mung manekung amrih sampurnaning batin.
75