XVIII. MALA VAGGA ~ Rereged
1. paṇḍupalāsova dānisi, yamapurisāpi ca te upaṭṭhitā.
uyyogamukhe ca tiṭṭhasi, pātheyyampi ca te na vijjati.
Dina iki sira kayadene godhong garing alum. Para utusaning Yama (rajaning Pepati) wis nganti. Sira wis ngadeg ing sangareping kori panguntaban, ewa samono sira durung darbe sangu kango lelaku iki.

235
2. so karohi dīpamattano, khippaṃ vāyama paṇḍito bhava.
niddhantamalo anaṅgaṇo, dibbaṃ ariyabhūmiṃ upehisi.
Nyosowa pulo kanggo dhirimu pribadi. Enggala mbudidaya lan sucekna dhirimu dimen wicaksana. Sawise sesuci lan kalis saka reregred, ing kono sira bakal nggayuh alam kadewatan tumrap Para Ariya.

236
3. upanītavayo ca dānisi, sampayātosi yamassa santike.
vāso te natthi antarā, pātheyyampi ca te na vijjati.
Saiki sira wis nyedhaki pungkasaning urip, lan sira wis wiwit lelaku tumuju ing ngarsane Yam (Rajaning Pepati). Tumrap sira ora ana papan palerenan ing dedalan, ing mangka dira durung darbe sangu kanggo lakunira.

237
4. so karohi dīpamattano, khippaṃ vāyama paṇḍito bhava.
niddhantamalo anaṅgaṇo, na punaṃ jātijaraṃ upehisi.
Nyosowa pulo kanggo dhirimu pribadi. Enggala mbudidaya lan sucekna dhirimu dimen wicaksana. Sawise sesuci lan kalis saka reregred, ing kono sira ora bakal nemahi kelahiran lan pepati maneh.

238
5. anupubbena medhāvī, thokaṃ thokaṃ khaṇe khaṇe.
kammāro rajatasseva, niddhame malamattano.
Wong kang wicaksana mbrantas reregeding dhirine kanthi tlaten ing saben wanci, ajeg saka sethithik, kaya kemasan ngresiki perak saka rereged.

239
6. ayasāva malaṃ samuṭṭhitaṃ, tatuṭṭhāya tameva khādati.
evaṃ atidhonacārinaṃ, sāni kammāni nayanti duggatiṃ.
Kayadene taiyeng tumemplek ing wesi, kang yen tuwuh bakal ngrokoti wesi iku dhewe; mangkono uga tindak ala bakal ngloropake kang nindakake marang alam sing nyedhihake.

240
7. asajjhāyamalā mantā, anuṭṭhānamalā gharā.
malaṃ vaṇṇassa kosajjaṃ, pamādo rakkhato malaṃ.
Ora apal mantra, mujudake cacad, suthik ngupaya, mujudake cacad tumrap bale-wisma. Watak lumuh ngadi salira mujudake cacad tumrap endahing warna, lan lena mujudake cacad tumrap wong kemit.

241
8. malitthiyā duccaritaṃ, maccheraṃ dadato malaṃ.
malā ve pāpakā dhammā, asmiṃ loke paramhi ca.
Asoring budi mujudake cacad tumrap saben wong. Watak cethil mujudake cacad tumrap kang suko dedana. Satuhune sakehing tindak candhala mujudake cacad, becik ing donya iki apa dene ing alam candhake.

242
9. tato malā malataraṃ, avijjā paramaṃ malaṃ.
etaṃ malaṃ pahantvāna, nimmalā hotha bhikkhavo.
Pepetenging budi (kebodhowan batin) mujudake cacad keng asor dhewe. "O, para bhikkhu, enggal singkirna cacad iki, banjur nindakna urip kang tanpa cacad".

243
10-11. sujīvaṃ ahirikena, kākasūrena dhaṃsinā.
pakkhandinā pagabbhena, saṃkiliṭṭhena jīvitaṃ.
hirīmatā ca dujjīvaṃ, niccaṃ sucigavesinā.
alīnenāppagabbhena, suddhājīvena passatā.
Urip mono gampang tumrap kang ora idhep isin, kang tansah ngongasake dhiri kaya satriyane manuk gagak, suko mitenah ora tepung suba0sita, sesongaran lan nindakake urip kang nistha.
Urip mono angel tumrap wong kang idhep isin, kang tansah ngudi kasukcen, tanpa pamrih, andhapasor, kang nindhakake urip suci lan kang kedunungan Pangerten Bener.

244-245
12-13. yo pāṇamatipāteti, musāvādañca bhāsati.
loke adinnamādiyati, paradārañca gacchati.
surāmerayapānañca, yo naro anuyuñjati.
idhevameso lokasmiṃ, mūlaṃ khaṇati attano.
Sing sapa dhemen memateni, dhemen goroh, dhemen colong-jupuk, lan milik bojone liyan.....
Utawa karem marang omben-omben kang mendemi, ing donya iki wong kang mangkono iku kayadene yasa luwangan kanggo ngubur awake dhewe.

246-247
14. evaṃ bho purisa jānāhi, pāpadhammā asaññatā.
mā taṃ lobho adhammo ca, ciraṃ dukkhāya randhayuṃ.
Wong kang becik; sumurupa yen satemene ora gampang ngendhaleni pepenginan asor, kareben kamurkan lan budi nistha ora kongsi nglorobahke dhirimu marang jurang kasangsaran kang tanpo winates.

248
15-16. dadāti ve yathāsaddhaṃ, yathāpasādanaṃ jano.
tattha yo maṅku bhavati, paresaṃ pānabhojane.
na so divā vā rattiṃ vā, samādhimadhigacchati.
yassa cetaṃ samucchinnaṃ, mūlaghaccaṃ samūhataṃ.
sa ve divā vā rattiṃ vā, samādhimadhigacchati.
Wong bakal padha dedana laras karo antebing atine dhewe-dhewe. Jalaran saka iku sing sapa rumangsa meri marang rejekine liyan, ing kono dheweke ora bakal intuk katentremaning batin ing rina sawengine.
Ananging sapa wae kang wis bisa nyirnakake sakabehing rasa meri, mbrastha nganti saoyot-oyote, ing kono dheweke bakal intuk katentremaning batin, ing rina sawengine.

249-250
17. natthi rāgasamo aggi, natthi dosasamo gaho.
natthi mohasamaṃ jālaṃ, natthi taṇhāsamā nadī.
Ora ana geni kang madhani hawa napsu, ora ana jepitan kang madhani sesengitan, ora ana jaring kang madhani pepetenging batin, lan ora ana ilenilen kang bantere ngluwihi napsu pepinginan.

251
18. sudassaṃ vajjamaññesaṃ, attano pana duddasaṃ.
paresaṃ hi so vajjāni, opunāti yathā bhusaṃ.
attano pana chādeti, kaliṃva kitavā saṭho.
Kaluputaning liyan gampang disumurupi, nanging angel nyumurupi keluputane dhiri pribadi. Sawenehing wong bisa nuduhake kaluputaning liyan kaya napeni dhedhak, nanging dheweke ngumpetake kaluputane dhewe kaya si bandar-dadhu kang julig ngumpetake dhadhu sing bakal ngrugekake.

252
19. paravajjānupassissa, niccaṃ ujjhānasaññino.
āsavā tassa vaḍḍhanti, ārā so āsavakkhayā.
Sing sapa dhemen nliti kaluputaning liyan, tansah nggoleki kaluputaning liyan, ing kono bakal gedhe kanepsone lan dheweke bakal saya adoh saka panglebure reregeding batin.

253
20. ākāseva padaṃ natthi, samaṇo natthi bāhire.
papañcābhiratā pajā, nippapañcā tathāgatā.
Tanpo tapak ing angkasa, tegese ora ana wong suci ing sanjabane wewengkon Dhamma. Manungsa lumrahe dhemen marang kesenengan donya, nanging Para Tathagata wis uwal saka kesenengan-kesenengan donya iku.

254
21. ākāseva padaṃ natthi, samaṇo natthi bāhire.
saṅkhārā sassatā natthi, natthi buddhānamiñjitaṃ.
Tanpo tapak ing angkasa, tegese ora ana wong suci ing sanjabane wewengkon Dhamma. Samubarang apa wae kang mawa sarat iku ora langgeng; bab iku tumrap Para Buddha wis ora mangro-tingal maneh.

255