I. YAMAKA VAGGA ~ Geguritan kembar
1. manopubbaṅgamā dhammā, manoseṭṭhā manomayā.
manasā ce paduṭṭhena, bhāsati vā karoti vā.
tato naṃ dukkhamanveti, cakkaṃva vahato padaṃ.
Pikiran iku kang murwani sakabening kadadeyan; pikiran iku panuntun; sakabening kahanan dumadi saka pikiran. Menawa ana wong ngucap utawa tumindak kanthi pikiran kang ala, ing kono panandhang bakal tutwuri dheweke, kaya dene rodha cikar kang tansah ngetutake lakune sapi kang nggered.
1
2. manopubbaṅgamā dhammā, manoseṭṭhā manomayā.
manasā ce pasannena, bhāsati vā karoti vā.
tato naṃ sukhamanveti, chāyāva anapāyinī.
Pikiran iku kang murwani sakabening kadadeyan; pikiran iku panuntun; sakabening kahanan dumadi saka pikiran. Menawa ana wong ngucap utawa tumindak kanthi pikiran becik, ing kono kabegjan/katentreman bakal tutwuri dheweke, kaya dene ayang-ayang ora tau pisah karo garange.
2
3. akkocchi maṃ avadhi maṃ, ajini maṃ ahāsi me.
ye ca taṃ upanayhanti, veraṃ tesaṃ na sammati.
Dheweke ngina aku, dheweke milara aku, dheweke ngasorake aku, dheweke ngrebut darbekku. Menawa ana wong kang ngendhem pikiran-pikiran kaya mangkono, ing kono rasa gething ora bakal sirna.
3
4. akkocchi maṃ avadhi maṃ, ajini maṃ ahāsi me.
ye ca taṃ nupanayhanti, veraṃ tesūpasammati.
Dheweke ngina aku, dheweke milara aku, dheweke ngasorake aku, dheweke ngrebut darbekku. Menawa ora ana wong kang ngendhem pikiran-pikiran kaya mangkono, ing kono rasa gething bakal sirna.
4
5. na hi verena verāni, sammantīdha kudācanaṃ.
averena ca sammanti, esa dhammo sanantano.
Ing jagad iki rasa gething ora bakal sirna menawa winales kanthi rasa gething, nanging rasa mau bakal sirna lamun winales kanthi tanpa gething, iki sawijine angger-angger kang langgeng/hukum Dharma.
5
6. pare ca na vijānanti, mayamettha yamāmase.
ye ca tattha vijānanti, tato sammanti medhagā.
Saperangan gedhe manungsa padha ora nyumurupi lamun sajrone cecongkrahan dheweke bakal menahi tumpes, ananging sing sapa bisa nyumurupi kasunyataan iki, ing kono bakal padha mungkasi cecongkrahane.
6
7. subhānupassiṃ viharantaṃ, indriyesu asaṃvutaṃ.
bhojanamhi cāmattaññuṃ, kusītaṃ hīnavīriyaṃ.
taṃ ve pasahati māro, vāto rukkhaṃva dubbalaṃ.
Lamun ana wong kang uripe mung katujokake marang bab-bab kang nyenengake kanthi nguja hardaning panca indriya, kang mangane tanpa winates, sarta lumuh ing pambudidaya, gampang banget kabanda dening dewaning Mara, kang kayadene angin ngurubhake wit kang gapuk.
7
8. asubhānupassiṃ viharantaṃ, indriyesu susaṃvutaṃ.
bhojanamhi ca mattaññuṃ, saddhaṃ āraddhavīriyaṃ.
taṃ ve nappasahati māro, vāto selaṃva pabbataṃ.
Menawa ana wong kang uripe ora mung katujokake marang bab-bab kang nyenengkake kanthi bisa meper hardhaning panca indriyane, kang mangane winates sarta taberi ing pambudidaya; ora gampang kabanda dening dewaning Mara, kang kayadane angin ora bisa njurugakake gunung.
8
9. anikkasāvo kāsāvaṃ, yo vatthaṃ paridahissati.
apeto damasaccena, na so kāsāvamarahati.
Sing sapa niyat manganggo jubah kuning, nanging durung resik batine, sepi ing cecegah sarta ing bebener; ing kono babar pisan ora patut lamun manganggo jubah kuning.
9
10. yo ca vantakasāvassa, sīlesu susamāhito.
upeto damasaccena, sa ve kāsāvamarahati.
Ananging menawa ana wong kang wis bisa meper kamurkane, resik batine, teguh ing kasusilan, sarta sinung bebener; ing kono dheweke nuli patut ngrasuk jubah kuning.
10
11. asāre sāramatino, sāre cāsāradassino.
te sāraṃ nādhigacchanti, micchāsaṅkappagocarā.
Sajrone bab kang remeh dheweke duwe panganggep wigati, sajrone bab kang wigati dheweke duwe panganggep remeh. Dheweke kang nduweni pikiran-pikiran kaya mangkono iku ora bakal bisa nggayuh bab-bab kang wigati.
11
12. sārañca sārato ñatvā, asārañca asārato.
te sāraṃ adhigacchanti, sammāsaṅkappagocarā.
Dheweke kang weruh apa kang wigati iku nyata menawa wigati, sarta kang ora wigati iku nyata menawa ora wigati, dheweke kang nduweni pikiran-pikiran bener kaya mangkono iku bakal bisa nggayuh bab-bab kang wigati.
12
13. yathā agāraṃ ducchannaṃ, vuṭṭhī samativijjhati.
evaṃ abhāvitaṃ cittaṃ, rāgo samativijjhati.
Kaya dene udan kang nembus ing payon kang bocor, mangkono uga kamurkan bakal nembus marang pikiran kang ora kaparsudi (kajaga).
13
14. yathā agāraṃ suchannaṃ, vuṭṭhī na samativijjhati.
evaṃ subhāvitaṃ cittaṃ, rāgo na samativijjhati.
Kaya dene udan kang ora bisa nembus ing payon kang rapet, mangkono uga kamurkan ora bisa nembus marang pikiran kang kaparsudi kanthi becik.
14
15. idha socati pecca socati, pāpakārī ubhayattha socati.
so socati so vihaññati, disvā kammakiliṭṭhamattano.
Dheweke sedih banget ing donya iki, dheweke sedih banget ing alam liyane; kang laku candhala bakal nandhang kesedihan ing alam loro-lorone. Dheweke sedih lan sesambat, awit eling marang tumindake kang ora becik.
15
16. idha modati pecca modati, katapuñño ubhayattha modati.
so modati so pamodati, disvā kammavisuddhimattano.
Dheweke suka gembira ing alam donya iki, dheweke suka gembira ing alam liyane; kang nindakake kabecikan suka gembira ing alam loro-lorone. Dheweke gembira lan suka pari suka, awit eling marang tumindake kang becik.
16
17. idha tappati pecca tappati, pāpakārī ubhayattha tappati.
'pāpaṃ me kata'nti tappati, bhiyyo tappati duggatiṃ gato.
Dheweke sesambat ing alam donya iki, dheweke sesambat ing alam liyane; dheweke kang tindak candhala sesambat ing alam loro-lorone. Dheweke sesambat nalika kelingan: "Aku wis tumindak candhala". Lan luwih dene nalongsa nalika kudu tumitah ing alam kasangsaran.
17
18. idha nandati pecca nandati, katapuñño ubhayattha nandati.
'puññaṃ me kata'nti nandati, bhiyyo nandati suggatiṃ gato.
Dheweke rumongsa mulya ing alam iki, dheweke rumongsa mulya ing alam liyane; sapa wonge kang nindakake kabecikan bakal mulya ing alam loro-lorone. Dheweke rumongsa begja nalika kelingan: "Aku wis nindakake kabecikan". Luwih rumongsa begja maneh nalika kudu tumitah ing alam kabagyan/katentreman.
18
19. bahumpi ce saṃhita bhāsamāno, na takkaro hoti naro pamatto.
gopova gāvo gaṇayaṃ paresaṃ, na bhāgavā sāmaññassa hoti.
Sanajan ana wong kang wis maca sabageyan akeh isine Kitab Suci, nanging tindake ora laras karo ajaran; wong kang kurang waspada mangkano iku kaya dene wong angon sapi kang mung ngetung-etung sapine liyan; dheweke ora bakal bisa antuk karaharjaning kasucen.
19
20. appampi ce saṃhita bhāsamāno, dhammassa hoti anudhammacārī.
rāgañca dosañca pahāya mohaṃ, sammappajāno suvimuttacitto.
anupādiyāno idha vā huraṃ vā, sa bhāgavā sāmaññassa hoti.
Sanajan ana wong kang mung kadhang kala maca Kitab Suci, nanging tindake laras karo ajaran, nyingkiri hardhaning nafsu indriya, gegething lan kabodhoan batin, darbe pangerten bener sarta batin kang mardika, ora kraket ing samubarang; ing ngendi bae, kang mangkono iku, dheweke bakal antuk Karaharjaning Kasucen.
20