XX. MAGGA VAGGA ~ Marga
1. maggānaṭṭhaṅgiko seṭṭho, saccānaṃ caturo padā.
virāgo seṭṭho dhammānaṃ, dvipadānañca cakkhumā.
Sakabehing dalan kang ana iku, mung Marga Mulya Wulung Bab kang apik dhewe; sakabehing kanyatan kang sanyata iku mung Kasunyatan Mulya Patang Prakara; ing sakabehing bab iku, mung pamudharan napsu indriya kang luwih dening becik; sarta ing antarane titah kang sikil loro, ing kono mung manungsa kang bisa "weruh" kang luwih becik.
273
2. eseva maggo natthañño, dassanassa visuddhiyā.
etañhi tumhe paṭipajjatha, mārassetaṃ pamohanaṃ.
Ya iku siji-sijine dalan. Ora ana dalan liyane kang bisa nggawa marang Pepadhang Sejati. Turuten dalan iki, dalan kang bisa nyasarake Mara.
274
3. etañhi tumhe paṭipannā, dukkhassantaṃ karissatha.
akkhāto vo mayā maggo, aññāya sallakantanaṃ.
Sarana nurut dalan iki kowe bisa mungkasi panandhang. Ya dalan iki kang dituduhake dening Sang Buddha, sawise Panjenengane pana kepriye cara anggone njabuti eri (leletheking batin).
275
4. tumhehi kiccamātappaṃ, akkhātāro tathāgatā.
paṭipannā pamokkhanti, jhāyino mārabandhanā.
Kowe dhewe kang kudu mbudidaya, dene Para Tathagata (Sang Buddha) mung nuduhake dalane. Mula para kang pada mempeng ulah semadi sarta nurut dalan iki, bakal udhar saka panjireting Mara (panggoda).
276
5. 'sabbe saṅkhārā aniccā'ti, yadā paññāya passati.
atha nibbindati dukkhe, esa maggo visuddhiyā.
Samubarang kang dumadi saka bebakalan (sabab-musabab), dhapukan-dhapukan sarta reroncen-reroncen iku mawa sarat lan ora langgeng anane; menawa sarana kawicaksanane manungsa bisa ngawekani bab iki, ingkono dheweke bakal rumangsa jeleh marang panandhang. Ya iki dalan kang tumuju marang Kasukcen sejati.
277
6. 'sabbe saṅkhārā dukkhā'ti, yadā paññāya passati.
atha nibbindati dukkhe, esa maggo visuddhiyā.
Samubarang kang dumadi saka sabab-musabab, dhapukan-dhapukan, reroncen-reroncen iki kabeh kebak panandhang; menawa sarana kawicaksanane manungsa bisa ngawekani bab iki, ing kono dheweke bakal rumangsa jeleh marang panandhang. Ya iki dalan kang tumuju marang kasukcen sejati.
278
7. 'sabbe dhammā anattā'ti, yadā paññāya passati.
atha nibbindati dukkhe, esa maggo visuddhiyā.
Samubarang iku kahanane tanpa baku; Menawa sarana kawicaksanane manungsa bisa ngawekani bab iki, ing kono dheweke bakal rumangsa jeleh marang panandhang. Ya iki dalan kang tumuju marang kasukcen sejati.
279
8. uṭṭhānakālamhi anuṭṭhahāno, yuvā balī ālasiyaṃ upeto.
saṃsannasaṅkappamano kusīto, paññāya maggaṃ alaso na vindati.
Sanajan ana wong isih enom sarta rosa, nanging yen dheweke lumuh, ora mbudidaya samangsa kudu mbudidaya sarta rendhet daya pamikire; ing kono dheweke ora bakal bisa nemokake dalan kang bisa nuju marang kawicaksanan.
280
9. vācānurakkhī manasā susaṃvuto, kāyena ca nākusalaṃ kayirā.
ete tayo kammapathe visodhaye, ārādhaye maggamisippaveditaṃ.
Sayogyane dheweke prayitna ing pangucap, ngendhaleni pikirane kanthi becik sarta ora tumindhakala lumantar jasmanine. Sayogyane dheweke nyucekake batin sarana rumeksa marang kamurnening tindak telung prakara iku. Mangkono ategas bisa nindaki dalan kang wis kabarake dening Para Suci.
281
10. yogā ve jāyatī bhūri, ayogā bhūrisaṅkhayo.
etaṃ dvedhāpathaṃ ñatvā, bhavāya vibhavāya ca.
tathāttānaṃ niveseyya, yathā bhūri pavaḍḍhati.
Sajatine saka semadi bakal tuwuh kawicaksanan; tanpa semadi kawicaksanan bakal surem. Sawise ngawuningani dalan loro-lorone kang nuju marang megar lan mingkuping kawicaksanan, sayogyane manungsa nglatih dhiri murih megaring kawicaksanan.
282
11. vanaṃ chindatha mā rukkhaṃ, vanato jāyate bhayaṃ.
chetvā vanañca vanathañca, nibbanā hotha bhikkhavo.
O, para Bhikkhu, bebaten alas-napsu, awit karana saka alas iku tuwuh rasa jirih. Sawise mbab ti alas lan grumbul-napsumu, sira bakal dadi wong kang ora duwe napsu.
283
12. yāva hi vanatho na chijjati, aṇumattopi narassa nārisu.
paṭibaddhamanova tāva so, vaccho khīrapakova mātari.
Sasuwene grumbulaning napsu pepinginane priya marang wanita durung kasirnakake kanthi resik, ing salawase wong iku isih tansah kabanda dening panguripan, kayadene anak sapi kang isih nusu; uripe tansah gumantung marang biyunge.
284
13. ucchinda sinehamattano kumudaṃ sāradikaṃva.
santimaggameva brūhaya, nibbānaṃ sugatena desitaṃ.
Punggelen rasa tresna marang awak-mu dhewe, kayadene methik kembang trate putih ing mangsa rontog. Perdinen dalan katentreman, yaiku Nirwana/Nibbana kang wis kababarake dening Sang Sugata (Sang Buddha).
285
14. idha vassaṃ vasissāmi, idha hemantagimhisu.
iti bālo vicinteti, antarāyaṃ na bujjhati.
"Ing kene aku bakal manggon sasuwene mangsa rendheng; ing kene aku bakal manggon ing mangsa bedhidhing, lan ing kene aku bakal manggon ing mangsa katiga". Mangkono pangudarasane wong cubluk; ananging dheweke katlompen marang bebaya kang bakal tumanduk ing awake dhewe.
286
15. taṃ puttapasusammattaṃ, byāsattamanasaṃ naraṃ.
suttaṃ gāmaṃ mahoghova, maccu ādāya gacchati.
Dheweke kang pikirane kraket marang anak lan raja-kaya ing kono "pati" bakal nyeret sarta ngentirake dheweke, kayadene banjir-bandhang bakal ngentirake sawijining desa kang wargane lagi lena.
287
16. na santi puttā tāṇāya, na pitā nāpi bandhavā.
antakenādhipannassa, natthi ñātīsu tāṇatā.
Dudu anak kang bisa ngayomi, mangkono uga bapa-biyung utawa sanak sadudur. Tumrap wong kang lagi ngadhepi sekarat, ing kono sanak-sadulure ora bisa ngayomi dheweke.
288
17. etamatthavasaṃ ñatvā, paṇḍito sīlasaṃvuto.
nibbānagamanaṃ maggaṃ, khippameva visodhaye.
Sawise ngawekani kanyatan iki, ing kono wong wicaksana kang ngendaleni dhirine sarana Sila, ora bakal mbuwang wektu; dheweke enggal ngresiki dalan kang tumuju marang Nibbana.
289