XXI. PAKINNAKA VAGGA ~ Kembang setaman
1. mattāsukhapariccāgā, passe ce vipulaṃ sukhaṃ.
caje mattāsukhaṃ dhīro, sampassaṃ vipulaṃ sukhaṃ.
Menawa sarana ngeculake kabegjan kang cilik wong bisa oleh sawijining kabegjan kang luwih gedhe, ing kono sayogyane wong wicaksana ngeculake kabegjan kang luwih cilik iku, minangka bisane oleh kabegjan kang luwih gedhe.

290
2. paradukkhūpadhānena, attano sukhamicchati.
verasaṃsaggasaṃsaṭṭho, verā so na parimuccati.
Sing sapa kapidereng/kepengin banget kabegjan tumrap awake dhewe sarana gawe kapitunaning liyan. Dheweke ora bisa uwal saka gegething, dheweke bakal kajiret dening rasa gething.

291
3-4. yañhi kiccaṃ apaviddhaṃ, akiccaṃ pana kayirati.
unnaḷānaṃ pamattānaṃ, tesaṃ vaḍḍhanti āsavā.
yesañca susamāraddhā, niccaṃ kāyagatā sati.
akiccaṃ te na sevanti, kicce sātaccakārino.
satānaṃ sampajānānaṃ, atthaṃ gacchanti āsavā.
Wong kang nindakake samubarang kang samesthine ora kudu katindakake; sarta ora nindakake samubarang kang mesthine kudu katindakake, ing kono leletheking batin bakal terus tumuwuh ing dhirine wong kang kumalungkung lan lumuh kaya mangkono iku.
Para kang tansah nggegulang ngulatake badan jasmanine, ora nindakake apa kang kudune ora katindakake sarta tansah nindakake apa kang kudune katindakake, leletheking batine bakal sirna saka wong kang darbe kawaspadan sarta pangerten kaya mangkono iku.

292-293
5. mātaraṃ pitaraṃ hantvā, rājāno dve ca khattiye.
raṭṭhaṃ sānucaraṃ hantvā, anīgho yāti brāhmaṇo.
Sawise mrawasa ibu (napsu pepenginan) lan bapak (kesombongan), sarta satriya loro (tindak, wawasan keras utawa ekstrim bab kalanggengan lan kamusnan); sarta sawise mbedhah negara (lawang — indriya) sarta kabeh mantri-mantrine (rasa kumraket), ing kono sawijine brahmana bakal lunga tanpo kasedhihan.

294
6. mātaraṃ pitaraṃ hantvā, rājāno dve ca sotthiye.
veyagghapañcamaṃ hantvā, anīgho yāti brāhmaṇo.
Sawise mrawasa ibu sarta bapak; raja loro kang adil paramarta, sarta nglebur dalan limo kang kebak dening bebaya (pepalanging batin limang warna), ing kono sawijine brahmana bakal lunga tanpo kasedhihan.

295
7. suppabuddhaṃ pabujjhanti, sadā gotamasāvakā.
yesaṃ divā ca ratto ca, niccaṃ buddhagatā sati.
Para siswane Gotama wis gumregah tangi sarta tansah eling; rina lan wengi padha tansah angesthi sipat-sipat Mulyane Sang Buddha sarana tansah weweka.

296
8. suppabuddhaṃ pabujjhanti, sadā gotamasāvakā.
yesaṃ divā ca ratto ca, niccaṃ dhammagatā sati.
Para siswane Gotama wis gumregah tangi sarta tansah eling; rina lan wengi padha tansah angesthi sipat Mulyane Dhamma sarana kebak ing Weweka.

297
9. suppabuddhaṃ pabujjhanti, sadā gotamasāvakā.
yesaṃ divā ca ratto ca, niccaṃ saṅghagatā sati.
Para siswane Gotama wis gumregah tangi sarta tansah eling; rina lan wengi padha tansah angesthi sipat-sipat mulyane Shangha sarana kebak ing Weweka.

298
10. suppabuddhaṃ pabujjhanti, sadā gotamasāvakā.
yesaṃ divā ca ratto ca, niccaṃ kāyagatā sati.
Para siswane Gotama wis gumregah tangi sarta tansah eling; rina lan wengi padha tansah angesthi sipat-sipate badan jasmanine sarana kebak ing Weweka.

299
11. suppabuddhaṃ pabujjhanti, sadā gotamasāvakā.
yesaṃ divā ca ratto ca, ahiṃsāya rato mano.
Para siswane Gotama wis gumregah tangi sarta tansah eling; rina lan wengi padha bungah-bungah ing swasana batin kang wis uwal saka kawengisan.

300
12. suppabuddhaṃ pabujjhanti, sadā gotamasāvakā.
yesaṃ divā ca ratto ca, bhāvanāya rato mano.
Para siswane Gotama wis gumregah tangi sarta tansah eling; rina lan wengi padha mempeng ulah semadi

301
13. duppabbajjaṃ durabhiramaṃ, durāvāsā gharā dukhā.
dukkhosamānasaṃvāso, dukkhānupatitaddhagū.
tasmā na caddhagū siyā, na ca dukkhānupatito siyā.
Angel banget nglakoni urip tanpa omah (pabbaja); angel banget suko gembira ing sajrone urip tanpo omah. Urip bebrayan iku angel sarta nglarakake. Srawung karo wong kang ora disenengi uga nglarani ati. Urip ngumbara sajrone "samsara" uga nglarakake. Karana iku aja dadi klana, ngumbara sajrone "samsara", utawa mburu kasangsaran.

302
14. saddho sīlena sampanno, yasobhogasamappito.
yaṃ yaṃ padesaṃ bhajati, tattha tattheva pūjito.
Tumrap manungsa kang ndarbeni piandel sarta Sila kang sampurna, kang ndarbeni asma arum sarta kasugihan, lunga marang panggonan ing ngendi wae bakal tansah kihurmatan.

303
15. dūre santo pakāsenti, himavantova pabbato.
asantettha na dissanti, rattiṃ khittā yathā sarā.
Sanajan saka kadohan, wong becik bakal katon sumunar, kayadene pucaking gunung Himalaya. Ananging sanajan cedhak, wong kang candhala ing budi ora bakal kihurmatan, kayadene pasere panah kang linepasake ing wanci wengi.

304
16. ekāsanaṃ ekaseyyaṃ, eko caramatandito.
eko damayamattānaṃ, vanante ramito siyā.
Dheweke kang lungguh ijen, sare ijen, lumaku ijen lan sregep ngopeni awake dhewe, bakal ngrasakake kabegjan dedunung ing alas.

305