XXII. NIRAYA VAGGA ~ Neraka
1. abhūtavādī nirayaṃ upeti, yo vāpi katvā na karomi cāha.
ubhopi te pecca samā bhavanti, nihīnakammā manujā parattha.
Wong kang ucape tansah ora bener, lan wong kang sawise tumindak banjur kandha: "Aku ora nindakake", bakal lumebu ing neraka. Wong sakarone kang pakartine nistha iku, duwe karma kang padha ing jagad sabanjure.

306
2. kāsāvakaṇṭhā bahavo, pāpadhammā asaññatā.
pāpā pāpehi kammehi, nirayaṃ te upapajjare.
Akeh manungsa kang nganggo jubah kuning kang tumindake ora pantes sarta ora ngendhaleni pakartine. Karana saka pakarti-pakarti kang ora pantes iku dheweke padha bakal lumebu ing neraka.

307
3. seyyo ayoguḷo bhutto, tatto aggisikhūpamo.
yañce bhuñjeyya dussīlo, raṭṭhapiṇḍamasaññato.
Luwih becik ngulu bal-wesi mengangah, tinimbang karo wong kang kalakuwane ala sarta ora bisa ngandhaleni dhiri, kang mangane tansah njagakake peparinge liyan.

308
4. cattāri ṭhānāni naro pamatto, āpajjati paradārūpasevī.
apuññalābhaṃ na nikāmaseyyaṃ, nindaṃ tatīyaṃ nirayaṃ catutthaṃ.
Wong kang kalepyan sarta laku bandrek lan bojone liyan bakal nemahi patang bab; Kapisan: dheweke bakal oleh akibat ala; kapindho: dheweke ora bisa turu kanthi tentrem; katelu: cinedha asmane; sarta kapat: dheweke bakal lumebu ing neraka.

309
5. apuññalābho ca gatī ca pāpikā, bhītassa bhītāya ratī ca thokikā.
rājā ca daṇḍaṃ garukaṃ paṇeti, tasmā naro paradāraṃ na seve.
Dheweke bakal methik woh-ing pakarti ala sarta kalahirake ing alam asor ing sajrone uripe kang bakal tumeka. Banget cendhake kanikmatan kang dialami dening priya utawa wanita kang laku sedheng lan garwane liyan. Dheweke bakal gumeter semangso ngadhepi paukuman kang abot saka negara.

310
6. kuso yathā duggahito, hatthamevānukantati.
sāmaññaṃ dupparāmaṭṭhaṃ, nirayāyupakaḍḍhati.
Kayadene suket Kusa menawa kliru panyekele bakal mbeler tangan; mangkono uga jagading para tapa, menawa sisip pangetrape bakal nyeret marang Neraka.

311
7. yaṃ kiñci sithilaṃ kammaṃ, saṃkiliṭṭhañca yaṃ vataṃ.
saṅkassaraṃ brahmacariyaṃ, na taṃ hoti mahapphalaṃ.
Sawijining pagaweyan kang katindakake kanthi sakepenake; sawijining tekad kang katindakake ora kaya samesthine, panguripan suci kang ora katindakake kanthi tulusing ati; njalari kabeh mau ora bakal ngasilake paedah kang gedhe.

312
8. kayirā ce kayirāthenaṃ, daḷhamenaṃ parakkame.
sithilo hi paribbājo, bhiyyo ākirate rajaṃ.
Sayogyane manungsa nindakake sarana tulusing ati tumrap apa kang kudu katindakake. Sawijining jejibahan suci kang katindakake kanthi sakepenake wae bakal nenangi hardaning napsu kang luwih gedhe.

313
9. akataṃ dukkaṭaṃ seyyo, pacchā tappati dukkaṭaṃ.
katañca sukataṃ seyyo, yaṃ katvā nānutappati.
Sawijining manungsa luwih becik ora nindakake pakarti ala, awit ing dina wekasane pakarti mau bakal nyiksa dheweke. Sawijining manungsa luwih becik nindakake pakarti kang utama, awit sawise nindakake dheweke ora bakal getun.

314
10. nagaraṃ yathā paccantaṃ, guttaṃ santarabāhiraṃ.
evaṃ gopetha attānaṃ, khaṇo vo mā upaccagā.
khaṇātītā hi socanti, nirayamhi samappitā.
Kayadene tapel wates sawijining negara kang ing njaba lan njerone dijaga kanthi santosa, mangkono uga sayogyane kowe ngreksa dhiri-mu; sarta aja mbuwang kalamangsa kang becik iki. Awit kang padha mbebecer kalamangsa iki bakal banget sedhihe samangsa tumitah ing alam neraka.

315
11. alajjitāye lajjanti, lajjitāye na lajjare.
micchādiṭṭhisamādānā, sattā gacchanti duggatiṃ.
Wong kang padha rumangsa isin marang apa kang sejatine ora ngisin-ngisini, sarta ora rumangsa isin marang apa kang sejatine ngisin-ngisini; wong-wong kang padha nggilut wawasan luput kaya mangkono iku bakal lemebu ing alam kasangsaran.

316
12. abhaye bhayadassino, bhaye cābhayadassino.
micchādiṭṭhisamādānā, sattā gacchanti duggatiṃ.
Wong kang padha rumangsa wedhi marang apa kang sejatine ora medeni sarta wong kang padha ora rumangsa wedhi marang apa kang sejatine medeni; wong-wong kang nggilut wawasan luput mangkono iku bakal lemebu ing alam kasangsaran.

317
13. avajje vajjamatino, vajje cāvajjadassino.
micchādiṭṭhisamādānā, sattā gacchanti duggatiṃ.
Dheweke kang padha nganggep cinedha marang apa kang sajatine ora cinedha sarta nganggep ora cinedha marang apa kang sajatine cinedha; dheweke kang padha nganut wawasan nyasar mangkono iku bakal nemahi kasangsaran.

318
14. vajjañca vajjato ñatvā, avajjañca avajjato.
sammādiṭṭhisamādānā, sattā gacchanti suggatiṃ.
Dheweke kang padha mangerti marang apa kang cinedha iku pancen nyata cedha, sarta apa kang ora cinedha iku pancen nyata ora cedha; dheweke kang padha nganut wawasan bener mangkono iku bakal nggayuh alam kabegjan.

319