XXIII. NAGA VAGGA ~ Gajah
1. ahaṃ nāgova saṅgāme, cāpato patitaṃ saraṃ.
ativākyaṃ titikkhissaṃ, dussīlo hi bahujjano.
Kayadene sawijining gajah ing madyaning paprangan kang ora gigrig nadhahi panempuhing jemparing kang linepasake gandhewa, mangkono uga aku bakal sabar ngadhepi pisunaning liyan.
320
2. dantaṃ nayanti samitiṃ, dantaṃ rājābhirūhati.
danto seṭṭho manussesu, yotivākyaṃ titikkhati.
Dheweke padha nuntun gajah kang wis kagladhi ing sangarepe wong akeh, sarta para raja padha nunggang gajah kang wis kagladhi. Ing antarane umat manungsa kang sanyata apik yaiku wong kang bisa sabar ngadhepi pamisunaning liyan.
321
3. varamassatarā dantā, ājānīyā ca sindhavā.
kuñjarā ca mahānāgā, attadanto tato varaṃ.
Kuldi-kuldi kang kagladhi iku apik banget, mangkono uga jaran-jaran sindu sarta gajah-gajahing paprangan darbeke para priyagung. Ananing sanajan dikaya apa becike isih luwih becik manungsa kang wis bisa nelukake awake dhewe.
322
4. na hi etehi yānehi, gaccheyya agataṃ disaṃ.
yathāttanā sudantena, danto dantena gacchati.
Sarana numpak tetunggangan kaya mangkono iku manungsa ora bisa lunga menyang panggonan kang durung tau ditekani (Nibbana). Beda kalawan wong kang wis bisa ngendhaleni pribadine, bisa nguwasani dhiri pribadine kang wis katelukake sarta wis digegulang kanthi becik, bisa lunga menyang panggonan kang durung tau ditekani.
323
5. dhanapālo nāma kuñjaro, kaṭukabhedano dunnivārayo.
baddho kabaḷaṃ na bhuñjati, sumarati nāgavanassa kuñjaro.
Ing mangsa nangkarake turune, gajah ganas kang aran Dhanaphala angel dikendhaleni; sanajan cinancang kanthi santosa dheweke ora gelem mangan, awit dheweke kayungyun banget marang gajah-gajah ing sajroning alas.
324
6. middhī yadā hoti mahagghaso ca, niddāyitā samparivattasāyī.
mahāvarāhova nivāpapuṭṭho, punappunaṃ gabbhamupeti mando.
Sawijining wong kang lumuh tur kemalan daging (pelepah), seneng turu gulang-guling mrana-mrene ing sadhuwuring paturon, kayadene babi (gedhe) kang seneng gulung-gulung ing wadhah pangane, lan wong bodho iku bakal terus tumitah wola-wali.
325
7. idaṃ pure cittamacāri cārikaṃ, yenicchakaṃ yatthakāmaṃ yathāsukhaṃ.
tadajjahaṃ niggahessāmi yoniso, hatthippabhinnaṃ viya aṅkusaggaho.
Duk inguni (dhek biyen) pikiran iki ngumbara, lunga menyang panggonan-panggonan kang disenengi, dituju sarta dikarepake. Saiki eku bakal ngendhaleni pikiranku kanthi permati, kayadene sawijining srati (pangon gajah) ngendhaleni utawa nglatih gajah.
326
8. appamādaratā hotha, sacittamanurakkhatha.
duggā uddharathattānaṃ, paṅke sannova kuñjaro.
Padha bungah-bungah ing sajroning kawaspadan sarta reksanen pikiranmu kanthi becik; mardikakna pikiranmu saka cara-cara kang ora bener, kayadene gajah ngentasake awake kang kebledhes ing endhut.
327
9. sace labhetha nipakaṃ sahāyaṃ, saddhiṃ caraṃ sādhuvihāridhīraṃ.
abhibhuyya sabbāni parissayāni, careyya tenattamano satīmā.
Manawa ing sajrone ngumbara kowe kepethuk kanca kang becik bebudene, pinter sarta wicaksana, sayogyane kowe lumaku bebarengan lan dheweke kanthi senenging ati, sinartan kawigaten kang sayekti bisa nanggulangi sakabehing bebaya.
328
10. no ce labhetha nipakaṃ sahāyaṃ, saddhiṃ caraṃ sādhuvihāridhīraṃ.
rājāva raṭṭhaṃ vijitaṃ pahāya, eko care mātaṅgaraññeva nāgo.
Manawa ing sajroning ngumbara kowe ora kepethuk kanca becik bebudhene, pinter sarta wicaksana, sayogyane kowe lumaku tanpa kanthi, kayadene ratu kang ninggalake negarane kang wis dikalahake, utawa kayadene sawijining kang ngumbara ijen ing alas.
329
11. ekassa caritaṃ seyyo, natthi bāle sahāyatā.
eko care na ca pāpāni kayirā, appossukko mātaṅgaraññeva nāgo.
Luwih becik ngumbara ijen, sarta ora srawung karo wong cubluk. Mangkata ngumbara ijen lan aja tumindak jahat; uripa mardika (ora kakehan urusan), kayadene gajah ngumbara ing alas tanpa rowang.
330
12. atthamhi jātamhi sukhā sahāyā, tuṭṭhī sukhā yā itarītarena.
puññaṃ sukhaṃ jīvitasaṅkhayamhi, sabbassa dukkhassa sukhaṃ pahānaṃ.
Begja banget manawa duwe kanca ing wanci kabutuhake; begja banget manawa bisa marem marang apa kang kagayuh; begja banget bisa nindakake kabecikan sadurunge ajal-ulihan (ing kalane lagi sekarat); lan begja banget lamun bisa mungkasi panandhang.
331
13. sukhā matteyyatā loke, atho petteyyatā sukhā.
sukhā sāmaññatā loke, atho brahmaññatā sukhā.
Tumindak becik marang ibu mujudake sawijining kabegjan ing ndonya iki; tumindak becik marang bapa uga sawijining kabegjan. Tumindak becik marang para pandhita mujudake sawijine kabegjan ing ndonya iki; mangkono uga, tumindah becik marang para Suci mujudake sawijining kabegjan.
332
14. sukhaṃ yāva jarā sīlaṃ, sukhā saddhā patiṭṭhitā.
sukho paññāya paṭilābho, pāpānaṃ akaraṇaṃ sukhaṃ.
Sila nuwuhake kabegjan tumekaning umur tuwa; keyakinan kang tumanem bakal nuwuhake kabegjan; kawicaksanaan kang wis ginayuh bakal nuwuhake kabegjan; mangkono uga, ora tindak candhala bakal nuwuhake kabegjan.
333