IV. PUPPHA VAGGA ~ Kembang
1. ko imaṃ pathaviṃ vicessati, yamalokañca imaṃ sadevakaṃ.
ko dhammapadaṃ sudesitaṃ, kusalo pupphamiva pacessati.
Sapa baya kang bakal nelukake jagad panguripan iki lan alam YAMA sarta alam Dewa pisan? Sapa baya kang bakal naliti marganing kabecikan kang wis kababarake kanthi becik, kayadene juru ronce kembang kang waris milih sawarnaning kembang.

44
2. sekho pathaviṃ vicessati, yamalokañca imaṃ sadevakaṃ.
sekho dhammapadaṃ sudesitaṃ, kusalo pupphamiva pacessati.
Siswa kang lagi gegulang (Sekha) bakal nelukake jagad iki sarta alam Yama dalah alam Dewa pisan. Sawijining siswa kang lagi gegulang bakal naliti tuwuhe rasa gething kang wus kababarake kanthi becik. Kayadene juru-ronce kembang kang pinter milih sawarnaning kembang.

45
3. pheṇūpamaṃ kāyamimaṃ viditvā, marīcidhammaṃ abhisambudhāno.
chetvāna mārassa papupphakāni, adassanaṃ maccurājassa gacche.
Lamun wis nyurupi manawa jasad iki kayadene unthuk, sarta sawise eling marang sipat "maya"ne, ing kono manungsa sayogyane munggel panahing napsu indriya kang mawa kembang, sarta ngilang saka pamandenging Rajaning Pati (ora sumelang marang tekaning pati).

46
4. pupphāni heva pacinantaṃ, byāsattamanasaṃ naraṃ.
suttaṃ gāmaṃ mahoghova, maccu ādāya gacchati.
Manungsa kang nglumpukake sawernaning kembang-kembang kasenengan indriya, kang ora jenjem pikire, ora wurung dewaning antaka (pati) bakal nyeret deweke kayadene banjir-bandhang kang nglarud desa kang wargane lagi mudha turu.

47
5. pupphāni heva pacinantaṃ, byāsattamanasaṃ naraṃ.
atittaññeva kāmesu, antako kurute vasaṃ.
Manungsa kang keklumpuk kembang-kembang kelangenaning napsu indriya, kang ora jenjem pikire sarta ora bisa nyandhet pepinginane, ora wurung bakal kawasesa dening Dewaning Antaka (pati).

48
6. yathāpi bhamaro pupphaṃ, vaṇṇagandhamaheṭhayaṃ.
paleti rasamādāya, evaṃ gāme munī care.
Kayadene kombang nesep madune kembang, tanpa ngrusak warna lan gandane;

49
7. na paresaṃ vilomāni, na paresaṃ katākataṃ.
attanova avekkheyya, katāni akatāni ca.
Aja sok migatekake kaluputaning liyan sarta bab-bab kang wis ditindakake utawa kang durung katindakake dening liyan. Wigatekna apa kang wis katindakake dening dhiri pribadi lan apa kang durung katindakake.

50
8. yathāpi ruciraṃ pupphaṃ, vaṇṇavantaṃ agandhakaṃ.
evaṃ subhāsitā vācā, aphalā hoti akubbato.
Kayadene kembang saceplok kang endah warnane, ananging ora ngganda arum; mangkono uga, ora ana paedahe geguritan kang diucapake dening wong kang ora nindakake.

51
9. yathāpi ruciraṃ pupphaṃ, vaṇṇavantaṃ sugandhakaṃ.
evaṃ subhāsitā vācā, saphalā hoti kubbato.
Kayadene kembang saceplok kang endah ing warna sarta arum gandane; mangkono uga geguritan kang kaucapake dening wong kang ngleksanani.

52
10. yathāpi puppharāsimhā, kayirā mālāguṇe bahū.
evaṃ jātena maccena, kattabbaṃ kusalaṃ bahuṃ.
Kayadene saka umbrukaning kembang kang bisa kagawe sakehing reroncen kembang; mangkono sayogyane wong-wong ing donya iki padha nindakna sakehing kabecikan.

53
11. na pupphagandho paṭivātameti, na candanaṃ tagaramallikā.
satañca gandho paṭivātameti, sabbā disā sappuriso pavāyati.
Gandane kembang ora bisa sumebar lumawan sangkane angin; mangkono uga gandane kayu dendhana, kembang "Tagara" lan mlathi. Nanging asmane wong kang becik bebudene, arum angambar sumebar mratani jagad.

54
12. candanaṃ tagaraṃ vāpi, uppalaṃ atha vassikī.
etesaṃ gandhajātānaṃ, sīlagandho anuttaro.
Aruming tindak kabecikan ngungkuli sakehing ganda kang arum; sanadyan-ta gandane kayu cendhana, kembang tegara trate sarta mlathi pisan.

55
13. appamatto ayaṃ gandho, yvāyaṃ tagaracandanaṃ.
yo ca sīlavataṃ gandho, vāti devesu uttamo.
Aruming kembang tagara lan kayu cendhana ora sepiroa, ananging aruming asma kang padha darbe sarta nindakake SILA sumebar tumeka ing kaswargan.

56
14. tesaṃ sampannasīlānaṃ, appamādavihārinaṃ.
sammadaññā vimuttānaṃ, māro maggaṃ na vindati.
Mara (Panggodha) ora bisa nglacak dheweke kang ndarbeni sila, kang uripe tanpa tinggal kaprayitnan, sarta kang wis mardika sarana nindakake Kawruh Kasunyatan.

57
15-16. yathā saṅkāraṭhānasmiṃ, ujjhitasmiṃ mahāpathe.
padumaṃ tattha jāyetha, sucigandhaṃ manoramaṃ.evaṃ saṅkārabhūtesu, andhabhūte puthujjane.
atirocati paññāya, sammāsambuddhasāvako.
Kayadene saka tumpukaning uwuh kang dibuwanging sapinggiring dalan, kang sanduwure thukul kembange trate kang arum gandane sarta nyenengake ati.
Mangkono uga, ing antarane wong kang keled marang kadonyan (materialistis), ana siswane Sang Buddha Kang Maha Sampurna, sumunar pasuryane saka berkahing kawicaksanan.

58-59