VIII. SAHASSA VAGGA ~ Ewon
1. sahassamapi ce vācā, anatthapadasaṃhitā.
ekaṃ atthapadaṃ seyyo, yaṃ sutvā upasammati.
Tembung siji sing migunani, sing yen rinungu bisa gawe tentreming ati, iku luwih becik tinimbang tembung sewu sing ora migunani.
100
2. sahassamapi ce gāthā, anatthapadasaṃhitā.
ekaṃ gāthāpadaṃ seyyo, yaṃ sutvā upasammati.
Geguritan salarik kang migunani, kang yen rinungu bisa gawe tentreming ati sing ngrungokake, iku luwih becik tinimbang upamane 100 larik geguritan kang diwaca nanging ora migunani.
101
3. yo ca gāthā sataṃ bhāse, anatthapadasaṃhitā.
ekaṃ dhammapadaṃ seyyo, yaṃ sutvā upasammati.
Tembung siji saka Dhamma, yen dirungu bakal gawe tentreming ati sing ngrungokake, iku luwih becik, tinimbang 100 geguritan kang diwaca nanging ora migunani.
102
4. yo sahassaṃ sahassena, saṅgāme mānuse jine.
ekañca jeyyamattānaṃ, sa ve saṅgāmajuttamo.
Senajan ana wong sing bisa nelukake mungsuh sewu kaping sewu ing sajroning paprangan, nanging yen ana wong kang bisa nelukake awake dhewe, yaiku sejatine pahlawan kang agung.
103
5-6. attā have jitaṃ seyyo, yā cāyaṃ itarā pajā.
attadantassa posassa, niccaṃ saññatacārino.

neva devo na gandhabbo, na māro saha brahmunā.
jitaṃ apajitaṃ kayirā, tathārūpassa jantuno.
Nelukake awake dhewe sejatine luwih becik tinimbang nelukake titah-titah liya. Wong kang bisa nelukake awake dhewe, tansah ngendhaleni dhiri.
Dudu sawijining Dewa, Mara, utawa Gandarwa sarta Brahmana kang bisa ngowahi kemenangane wong sing wis nelukake dhiri pribadine.
104-105
7. māse māse sahassena, yo yajetha sataṃ samaṃ.
ekañca bhāvitattānaṃ, muhuttamapi pūjaye.
sāyeva pūjanā seyyo, yañce vassasataṃ hutaṃ.
Nadyan ana manungsa sing saben sasi nyaosake sesaji kang suwene nganti 100 taun, ewa dene nadyan mung sadhela yen ana wong kang caos pakurmatan marang wong kang ngendhaleni dhiri lan nindakake sila, salugune pakurmatan iku luwih aji (becik) tinimbang caos sesaji sajrone 100 taun.
106
8. yo ca vassasataṃ jantu, aggiṃ paricare vane.
ekañca bhāvitattānaṃ, muhuttamapi pūjaye.
sāyeva pūjanā seyyo, yañce vassasataṃ hutaṃ.
Sanajan nganti 100 taun sawijining manungsa ngurubake geni pamujan ing alas, nanging yen ana manungsa sing mung sadhela wae ngurmati marang wong sing ngendhaleni dhiri, sejatine pakurmatan iku luwih becik tinimbang pamujan kang 100 taun mau.
107
9. yaṃ kiñci yiṭṭhaṃ va hutaṃ va loke, saṃvaccharaṃ yajetha puññapekkho.
sabbampi taṃ na catubhāgameti, abhivādanā ujjugatesu seyyo.
Ing donya iki, pangurbanan lan sesaji apa wae kang ditindakake manungsa nganti 100 taun, kanggo nggayuh ganjaran saka pakartine, ing kono sakabehe mau ora ana seprapate ajine pakurmatan kang katujokake marang wong kang lugu uripe (jujur).
108
10. abhivādanasīlissa, niccaṃ vuḍḍhāpacāyino.
cattāro dhammā vaḍḍhanti, āyu vaṇṇo sukhaṃ balaṃ.
Sing sapa tansah ngajeni lan mundhi-mundhi wong kang luwih tuwa, ing kono bakal ana patang bab kang tuwuh ing dhirine, yaiku: umur dawa, kabagusan, kabegjan lan kakuatan.
109
11. yo ca vassasataṃ jīve, dussīlo asamāhito.
ekāhaṃ jīvitaṃ seyyo, sīlavantassa jhāyino.
Sandyan ana manungsa kang uripe 100 taun, nanging darbe kalakuan ala lan ora dikendhaleni, ing kono salugune luwih becik uripe wong kang mung sedina, nanging darbe kasusilaan (sila), lan tansah semedi.
110
12. yo ca vassasataṃ jīve, duppañño asamāhito.
ekāhaṃ jīvitaṃ seyyo, paññavantassa jhāyino.
Nadyanta manungsa urip 100 taun, nanging ora wicaksana lan ora ngendhaleni dhirine sarta ora nindakake sila, ing kono salugune luwih becik uripe wong wicaksana kang mung sadina nanging tansah semedi.
111
13. yo ca vassasataṃ jīve, kusīto hīnavīriyo.
ekāhaṃ jīvitaṃ seyyo, vīriyamārabhato daḷhaṃ.
Sanadyan manungsa urip 100 taun, nanging kesed, tanpa pembudidaya, ing kono salugune luwih becik urip sedina, nanging mempeng mbudidaya kanthi kebak tekad.
112
14. yo ca vassasataṃ jīve, apassaṃ udayabbayaṃ.
ekāhaṃ jīvitaṃ seyyo, passato udayabbayaṃ.
Sadadyan manungsa urip 100 taun,nanging ora bisa nyumurupi dumadi lan sirnane samubarang kang mawa sebab (berkondisi), salugune luwih becik urip sedina tumrape manungsa kang bisa nyumurupi dumadi lan sirnane samubarang kang mawa sebab (berkondisi).
113
15. yo ca vassasataṃ jīve, apassaṃ amataṃ padaṃ.
ekāhaṃ jīvitaṃ seyyo, passato amataṃ padaṃ.
Sanadyan manungsa urip satus taun, nanging ora bisa nyumurupi kahanan kang tanpa pati (Nibbana), salugune luwih becik urip sedina tumrap wong sing bisa nyumurupi gegayuhan luhur kang langgeng (Nibbana).
114
16. yo ca vassasataṃ jīve, apassaṃ dhammamuttamaṃ.
ekāhaṃ jīvitaṃ seyyo, passato dhammamuttamaṃ.
Senajan manungsa urip satus taun, nanging ora nyumurupi Kasunyatan Luhur, salugune luwih becik urip sedina tumrape wong kang bisa nyumurupi Kasunyatan Luhur.
115