VII. ARAHANTA VAGGA ~ Arahat
1. gataddhino visokassa, vippamuttassa sabbadhi.
sabbaganthappahīnassa, pariḷāho na vijjati.
Manungsa kang wis nyampurnakake lakune, kang wis uwal saka samubarang, lan wis nglebur sakabehing bebandan, ing kono wis ora ana panggubeling napsu maneh jroning pribadhine.
90
2. uyyuñjanti satīmanto, na nikete ramanti te.
haṃsāva pallalaṃ hitvā, okamokaṃ jahanti te.
Para manungsa kang darbe pangerten sejati, wus eling sarta wus ninggalake bale omah, ing kono dheweke wis ora kabanda ing papan padunungan, kayadene kumpulane banyak kang ninggalake blumbang saka siji menyang sijine, mangkono uga dheweke ninggalake padunungan sing siji menyang sijine.
91
3. yesaṃ sannicayo natthi, ye pariññātabhojanā.
suññato animitto ca, vimokkho yesaṃ gocaro.
ākāse va sakuntānaṃ, gati tesaṃ durannayā.
Sapa kang ora ngumpulake kebutuhaning urip warna papat sarta pakartining karma, kang duwe gagasan marang perlu lan pigunane panganan, kang wus pana kamardikan kang kathon lan tanpa angen-angen, ing kono dalane wong mau angel dilacak, kaya dene aburing manuk ing langit.
92
4. yassāsavā parikkhīṇā, āhāre ca anissito.
suññato animitto ca, vimokkho yassa gocaro.
ākāse va sakuntānaṃ, padaṃ tassa durannayaṃ.
Dheweke, kang wus nglebur kabeh reregeding batin, kang wus ora kabanda ing pangan, kang wus pana marang kamardikan kang kathon tanpa angen-anngen, ing kono dalane ora kena dilacak kayadene tapake manuk mabur ing langit.
93
5. yassindriyāni samathaṅgatāni, assā yathā sārathinā sudantā.
pahīnamānassa anāsavassa, devāpi tassa pihayanti tādino.
Dheweke kang wus nelukake indriya-indriyane, kaya dene jaran alasan kang wis digladhi becik dening kusir, dheweke kang wus luwar saka kumingsune lan reregeding batin ing kono para dewa bakal nresnani wong suci mangkono mau.
94
6. pathavisamo no virujjhati, indakhilupamo tādi subbato.
rahadova apetakaddamo, saṃsārā na bhavanti tādino.
Kayadene bumi, mengkono uga wong suci ora tau napsu; pikirane santosa kaya tugu ing kuyha. Tindak tanduke resik kaya banyu ing beji tanpa endhut. Kanggone wong suci kang kaya mangkono iku, wis ora ana maneh cakramanggilinganing urip (tumimbal lahir).
95
7. santaṃ tassa manaṃ hoti, santā vācā ca kamma ca.
sammadaññā vimuttassa, upasantassa tādino.
Wong suci kang nduweni kawruh sejati, kang wus uwal saka bebandaning indria, batine tentrem lan setimbang, ora goroh; ing kono pangucap, pakarti lan pikirane anteng (tenang).
96
8. assaddho akataññū ca, sandhicchedo ca yo naro.
hatāvakāso vantāso, sa ve uttamaporiso.
Wong kang ora gampang percaya, kang wus ngerti Kahanan Kang Tan Cinipta (Nibbana), kang wus medhot sakabehing bebandan tumumbal lahir, sing wis mungkasi kalodhangan kanggo tumindak becik lan candhala, sarta wis nyingkirake napsu pepenginan, salugune dheweke iku manungsa kang banget mulya.
97
9. gāme vā yadi vāraññe, ninne vā yadi vā thale.
yattha arahanto viharanti, taṃ bhūmirāmaṇeyyakaṃ.
Apa ing desa uttawa ing alas, apa ing tanah ngare apa ing gunung, ing ngendi wae para suci iku dedunung, panggonan iku mesthi ngresepake.
98
10. ramaṇīyāni araññāni, yattha na ramatī jano.
vītarāgā ramissanti, na te kāmagavesino.
Alas iku papan kang ngresepake, ewa dene wong kadonyan (materialis) ora bisa nemokake kasenengan ana ing kono. Nanging wong kang wis uwal saka napsu, rumangsa bungah ana ing kono, amarga wong-wong mau wis ora ngupaya kesenengan-kesenengan indriya maneh.
99