VI. PANDITA VAGGA ~ Wong wicaksana
1. nidhīnaṃva pavattāraṃ, yaṃ passe vajjadassinaṃ.
niggayhavādiṃ medhāviṃ, tādisaṃ paṇḍitaṃ bhaje.
tādisaṃ bhajamānassa, seyyo hoti na pāpiyo.
Lamun ana wong kang duwe kaluputan, ketemu wong wicaksana kang kerso nuduhi kaluputane, panjenengane iku kayadene nuduhake raja brana. Ing kono sayogyane dheweke nyrawungi wong wicaksana mau. Becik banget, sarta ora ana alane, srawung karo wong wicaksana iku.
76
2. ovadeyyānusāseyya, asabbhā ca nivāraye.
satañhi so piyo hoti, asataṃ hoti appiyo.
Tampanen trusing ati, pitutur, piweling sarta pamrayogane wong wicaksana. Panjenengane iku tinresnanan dening wong becik; kosok baline wong ala tansah rikuh (sungkan) marang wong wicaksana.
77
3. na bhaje pāpake mitte, na bhaje purisādhame.
bhajetha mitte kalyāṇe, bhajetha purisuttame.
Aja jejancan karo wong candhala, aja kekancan karo wong nistha; ananging srawunga karo wong kang becik bebudene, srawunga karo wong kang luhur bebudene.
78
4. dhammapīti sukhaṃ seti, vippasannena cetasā.
ariyappavedite dhamme, sadā ramati paṇḍito.
Dheweke kang wawuh Dhamma bakal begja uripe sarta tentrem pikire. Manungsa kang wicaksana tansah suka-gembira sajroning ajaran kang kababarake dening Para Minulya.
79
5. udakañhi nayanti nettikā, usukārā namayanti tejanaṃ.
dāruṃ namayanti tacchakā, attānaṃ damayanti paṇḍitā.
Tukang gawe urung-urung ngilekake banyu, tukang panah ngencengake paser (anak panah), tukang kayu ngeluk kayu, ngibaratake wong wicaksana nelukahe dhiri-pribadine.
80
6. selo yathā ekaghano, vātena na samīrati.
evaṃ nindāpasaṃsāsu, na samiñjanti paṇḍitā.
Kayadene watu karang kang ora obah tinempuh ing angin, mangkono uga para wicaksana ora bakal kaprabawan dening pamisuna, panacad utawa pangalem-bana.
81
7. yathāpi rahado gambhīro, vippasanno anāvilo.
evaṃ dhammāni sutvāna, vippasīdanti paṇḍitā.
Kayadene sawijining tlaga kang jero, banyune lerem/meneng; mangkono uga kanthi nilingake Dhamma, para wicaksana tentrem atine.
82
8. sabbattha ve sappurisā cajanti, na kāmakāmā lapayanti santo.
sukhena phuṭṭhā atha vā dukhena, na uccāvacaṃ paṇḍitā dassayanti.
Wong wicaksana mbuwang kalengketane marang samubarang, Dene wong suci ora ngrembug bab-bab kang gegayutan karo napsu-napsu pepinginan. Ing sajrone ngalami kabegjan utawa nemahi kacintrakan/kesusahan pisan, wong wicaksana ora kaprabawan dening bungah lan susah.
83
9. na attahetu na parassa hetu, na puttamicche na dhanaṃ na raṭṭhaṃ.
na iccheyya adhammena samiddhimattano, sa sīlavā paññavā dhammiko siyā.
Dudu samesthine manungsa nindakake piala mung kanggo keperluwane dhewe, utawa kaperluwane liyan, sarta kurang prayoga menawa dheweke nggegadang anak, bendha-donya, krajan (pangkat) apadene kamukten tumrap awake dhewe ndarbeni Sila, kawicaksanan, sarta pangerten bener.
84
10-11. appakā te manussesu, ye janā pāragāmino.
athāyaṃ itarā pajā, tīramevānudhāvati.āte, dhamme dhammānuvattino.
te janā pāramessanti, maccudheyyaṃ suduttaraṃ.
Ing antarane umat manungsa ora akeh kang bisa tumeka ing gisike sabrang (Nirwana); saperangan gedhe manungsa isih wira-wiri ana ing gisik kene (isih dilahirake).
Para kang padha nyalarasake uripe marang Dhamma kang wus kababarake kanthi terwaca; dheweke kang mangkono iku bakal padha bisa nyabrangi alame pasti kang banget angel ditempuh.
85-86
12-13. kaṇhaṃ dhammaṃ vippahāya, sukkaṃ bhāvetha paṇḍito.
okā anokamāgamma, viveke yattha dūramaṃ.ābhiratimiccheyya, hitvā kāme akiñcano.
pariyodapeyya attānaṃ, cittaklesehi paṇḍito.
Sarana ninggalake omah sarta lunga nempuh urip tanpa omah (dadi bhikkhu), sayogyane wong wicaksana ninggalake pepeteng sarta ngurubake pepadhang. Dheweke dhemen nyepi (tirakat), kang angel ditindakake.
Sarana ninggalake sarta tanpa kraket marang kasenengane panca-indriya, mangkono sayogyane wong wicaksana ngresiki batine saka cacad-cacading pikirane.
87-88
14. yesaṃ sambodhiyaṅgesu, sammā cittaṃ subhāvitaṃ.
ādānapaṭinissagge, anupādāya ye ratā.
khīṇāsavā jutimanto, te loke parinibbutā.
Para kang wus nyampurnakake pikirane ing babangan panawikan, kang tanpa bebandan, sarta bungah sajrone batin kang mardika, kang wus resik saka leletheking batin, banjur sumunar; mratelakake menawa wus nggayuh Nirwana ing ngalam donya iku (saiki uga).
89