XIX. DHAMMATTHA VAGGA ~ Wong adil
1-2. na tena hoti dhammaṭṭho, yenatthaṃ sāhasā naye.
yo ca atthaṃ anatthañca, ubho niccheyya paṇḍito.

asāhasena dhammena, samena nayatī pare.
dhammassa gutto medhāvī, 'dhammaṭṭho'ti pavuccati.
Dheweke kang netepake sawijining parakara sarana grusa-grusu, ora patut disebut adil. Wong kang wicaksana kudune nliti dhisik endi kang luput lan endi kang bener.
Dheweke kang ngadili wong liya kanthi satimbang sarta ora grusa-guru; wong kang mangkono iku patut sinebut wong adil.
256-257
3. na tena paṇḍito hoti, yāvatā bahu bhāsati.
khemī averī abhayo, 'paṇḍito'ti pavuccati.
Sawijining wong kang katelah wicaksana iku ora marga anggone mung pinter omong, nanging, wong kang ora duwe rasa gething, ora dhemen memungsuhan, ora duwe rasa was-sumelang; iku kang sinebut wong wicaksana.
258
4. na tāvatā dhammadharo, yāvatā bahu bhāsati.
yo ca appampi sutvāna, dhammaṃ kāyena passati.
sa ve dhammadharo hoti, yo dhammaṃ nappamajjati.
Sawijining wong kang mung pinter omong iku ndulu "panjurung Dhamma". Sanajan wong iku mung kadhang-kala wae sinau, ananging batine weruh Dhamma sarta ora tau lirwa anggone nindakake; ya mangkono iku wong kang pantes sinebut "Panjurung Dhamma" kang sejati.
259
5-6. na tena thero so hoti, yenassa palitaṃ siro.
paripakko vayo tassa, 'moghajiṇṇo'ti vuccati.

yamhi saccañca dhammo ca, ahiṃsā saṃyamo damo.
sa ve vantamalo dhīro, 'thero' iti pavuccati.
Sawijining wong kang sinebut "Luwih Tuwa/Thera" mono dudu karana wis putih rambute. Sanajan umure wis akeh, nanging watake isih tetep muda, wong iku mung pantes sinebut: "wong tuwa kang ora migunani".
Manungsa kang luhur panjangka-ne, becik bebudine, ambek welasan, tepa-slira, tekun ing gegulang, wasis, sarta tanpa cacad, kang mangkono iku dheweke patut sinebut "Wong wicaksana/Wong kang luwih Tuwa (Thera)."
260-261
7-8. na vākkaraṇamattena, vaṇṇapokkharatāya vā.
sādhurūpo naro hoti, issukī maccharī saṭho.

yassa cetaṃ samucchinnaṃ, mūlaghaccaṃ samūhataṃ.
sa vantadoso medhāvī, 'sādhurūpo'ti vuccati.
Dudu karana mung pinter omong, sarta uga dudu saking bagus rupane, sawijining wong bisa malih dadi wong kang becik bebudine, manawa dheweke isih duwe pambek meri, cethil sarta sok tumindhak cidra.
Sing sapa wis mapras, njabut sarta wis medhoti oyoting drengki, srei sarta cidra; wong wicaksana mangkono iku (kang wis sumingkir saka panasbaran) sajatine mungguh banget lamun dheweke sinebut wong becik.
262-263
9-10. na muṇḍakena samaṇo, abbato alikaṃ bhaṇaṃ.
icchālobhasamāpanno, samaṇo kiṃ bhavissati.

yo ca sameti pāpāni, aṇuṃ thūlāni sabbaso.
samitattā hi pāpānaṃ, 'samaṇo'ti pavuccati.
Sawijine wong kang ora duwe rasa tanggung jawab lan disiplin, ora nyata ucape, sanajan wis nyukur resik jenggot lan rambute, mokal banget menawa dheweke iku laku tapa-brata (Samana). Luwih ora tinemu nalar menawa dheweke kang isih kegedhen suprih/pamrih, bakal bisa laku tapa-brata.
Nanging sok sapa'a bisa nelukake kabeh kamurkane sing gedhe utawa sing cilik, dheweke patut sinebut "samana" (wong laku tapa-brata).
264-265
11-12. na tena bhikkhu so hoti, yāvatā bhikkhate pare.
vissaṃ dhammaṃ samādāya, bhikkhu hoti na tāvatā.

yodha puññañca pāpañca, bāhetvā brahmacariyavā.
saṅkhāya loke carati, sa ve 'bhikkhū'ti vuccati.
Ora saben wong pantes sinebut bhikkhu, menawa dheweke isih dhemen njejaluk marang liyan. Luwihdene ora patut sinebut bhikkhu menawa pratingkahe isih kaya wong kang sesomahan.
Adhedhasar wewaton iki, panjenengane kang wis bisa ngawekani bebuden ala lan becik, ambek suci sarta nyumurupi uripe ing donya iki, kang patut sinebut bhikkhu.
266-267
13-14. na monena munī hoti, mūḷharūpo aviddasu.
yo ca tulaṃva paggayha, varamādāya paṇḍito.

pāpāni parivajjeti, sa munī tena so muni.
yo munāti ubho loke, 'muni' tena pavuccati.
Ora karana anteng utawa alim, wong cubluk disengguh wong suci (Muni); ananging wong wicaksana kang pinter milih apa sing apik sarta nyimpangi apa sing ala, kayadene lekase wong nyangga piring loro kang ora padha abote, kang mangkono iku patut disebut wong suci.
Karena dheweke bisa milih apa kang becik sarta nyimpangi apa kang ala, mula dheweke sinebut wong suci. Mangkono uga, dheweke kang wis ngerti bedane jagad werna loro (ala lan becik) patut sinebut wong kang suci.
268-269
15. na tena ariyo hoti, yena pāṇāni hiṃsati.
ahiṃsā sabbapāṇānaṃ, 'ariyo'ti pavuccati.
Sawijining wong ora patut sinebut luhur ing budi (ariya), menawa isih sok mamateni sapepadhane urip. Nanging dheweke kang wis ora tau memateni sarta ora sok nyikara sapepadhane urip; iku kang patut sinebut wong kang luhur ing budi (Ariya).
270
16-17. na sīlabbatamattena, bāhusaccena vā pana.
atha vā samādhilābhena, vivittasayanena vā.

phusāmi nekkhammasukhaṃ, aputhujjanasevitaṃ.
bhikkhu vissāsamāpādi, appatto āsavakkhayaṃ.
Dudu mung sarana sila lan tekad, uga dudu karana jembar kawruhe, utawa wis nggayuh mekaring semadi, sarta uga dudu karana manggon ing papan kang sepi;
Banjur ngudarasa: "Aku wis kagayuh dening manungsa kang isih nglakoni urip kadanyan". O, para bhiikhu, aja sira rumangsa marem lamun durung bisa nggayuh sirnaning sesuker (rereged)-ing batinira.
271-272