III. CITTA VAGGA ~ Pikiran
1. phandanaṃ capalaṃ cittaṃ, dūrakkhaṃ dunnivārayaṃ.
ujuṃ karoti medhāvī, usukārova tejanaṃ.
Pikiran goreh kang ora jenjem, kang angel rineksa sarta angel dikuwasani, ing kono wong wicaksana bakal nglempengake, kayadane tukang gawe panah nglempengake paser.
33
2. vārijova thale khitto, okamokataubbhato.
pariphandatidaṃ cittaṃ, māradheyyaṃ pahātave.
Pikiran iki tansah klepekan kayadene iwak dientas saka jroning banyu banjur diuncalake ing lemah. Awit saka iku panguwasane Mara (panggoda) kudu disirnakake.
34
3. dunniggahassa lahuno, yatthakāmanipātino.
cittassa damatho sādhu, cittaṃ dantaṃ sukhāvahaṃ.
Ngetutake pikiran kang angel dikendhaleni, giras sarta tansah ngumbara sakarepe dewe, iku becik. Pikiran kang wis bisa ditututake bakal nggawa kabegjan.
35
4. sududdasaṃ sunipuṇaṃ, yatthakāmanipātinaṃ.
cittaṃ rakkhetha medhāvī, cittaṃ guttaṃ sukhāvahaṃ.
Pikiran iku sayekti angel diawat-awati lan banget aluse, kang ngumbara sakarepe dewe. Mula saka iku wong wicaksana sayogyane rumeksa pikirane. Pikiran kang rineksa kanthi becik bakal nggawa karahayon.
36
5. dūraṅgamaṃ ekacaraṃ, asarīraṃ guhāsayaṃ.
ye cittaṃ saṃyamessanti, mokkhanti mārabandhanā.
Pikiran iku tansah ngumbara adoh, tanpa rowang, ora kasat mata, manggon sajroning ati. Dheweke kang bisa nelukake bakal luwar saka cengkeramaning Mara
37
6. anavaṭṭhitacittassa saddhammaṃ avijānato.
pariplavapasādassa, paññā na paripūrati.
Manungsa kang pikirane ora teguh, kang ora wanuh marang Ajaran Bener sarta goreh pangandele, kang mangkono iku kawicaksanane ora bakal sampurna.
38
7. anavassutacittassa ananvāhatacetaso.
puññapāpapahīnassa, natthi jāgarato bhayaṃ.
Manungsa kang tansah eling, kang pikirane ora kawasesa dening nafsu sarta rasa gething, kang wis bisa nanggulangi ala lan becik; ing sajrone ati ora kedunungan was-sumelang maneh.
39
8. kumbhūpamaṃ kāyamimaṃ viditvā, nagarūpamaṃ cittamidaṃ ṭhapetvā.
yodhetha māraṃ paññāvudhena, jitañca rakkhe anivesano siyā.
Sarana eling menawa jasad iki ringkih kayadene klenthing (jun), sarta neguhake pikiran nganti sentosa kayadene bentenging kutha; sayogyane dheweke ngalahake Mara sarana senjata kawicaksanan. Wajibe dheweke kudu tansah ngreksa apa kang wis katelukake sarta ora bakal bali dadi bebandaning Mara.
40
9. aciraṃ vatayaṃ kāyo, pathaviṃ adhisessati.
chuddho apetaviññāṇo, niratthaṃva kaliṅgaraṃ.
Aduh, sadhela maneh jasad iki bakal ngglugur sumeleh ing lemah, binuwang sarta tanpa keketeg (kesadaran), kayadene kayu gapuk kang tanpa pengaji.
41
10. diso disaṃ yaṃ taṃ kayirā, verī vā pana verinaṃ.
micchāpaṇihitaṃ cittaṃ, pāpiyo naṃ tato kare.
Tatu dikaya apa bae kang bisa kagawe dening wong kang lagi padha pancakara utawa dening wong kang lagi pada sesengitan, luwih dene premana tatu kang bakal tumama marang wong kang sasar anggone ngarahake pikirane.
42
11. na taṃ mātā pitā kayirā, aññe vāpi ca ñātakā.
sammāpaṇihitaṃ cittaṃ, seyyaso naṃ tato kare.
Dudu bapa utawa biyung apadene sanak kulawarga kang bisa njunjung kajaba mung pikiran kang kaarahake kanthi becik kang bakal bisa ngangkat drajating manungsa.
43