II. APPAMADA VAGGA ~ Kewaspadan
1. appamādo amatapadaṃ, pamādo maccuno padaṃ.
appamattā na mīyanti, ye pamattā yathā matā.
Kawaspadan iku dalam kang tumuju marang kalanggengan, kalepyan tumuju marang marganing pati; wong kang waspada ora bakal mati, dene wong kang kalepyan, kayadane wong kang wis mati.
21
2. evaṃ visesato ñatvā, appamādamhi paṇḍitā.
appamāde pamodanti, ariyānaṃ gocare ratā.
Sawise ngerti kanthi terwaca marang bab iki, wong wicaksana bungah sajroning kawspadan sarta suka gembira ing sajrone ngayahi kuwajibaning para Suci.
22
3. te jhāyino sātatikā, niccaṃ daḷhaparakkamā.
phusanti dhīrā nibbānaṃ, yogakkhemaṃ anuttaraṃ.
Wong wicaksana mempeng ulah samadi, tansah mbudidaya kanthi temen-temen anggone nggayuh Pamudharan Langgeng (Nibbana).
23
4. uṭṭhānavato satīmato, sucikammassa nisammakārino.
saññatassa dhammajīvino, appamattassa yasobhivaḍḍhati.
Manungsa kang taberi mbudidaya, tansah eling, murni ing pakarti, bisa nyandhet hardaning kanepson, tindake salaras marang piwulang Dhamma, sarta tansah waspada, ing kono bakal ngambar-ambar arum asmane.
24
5. uṭṭhānenappamādena, saṃyamena damena ca.
dīpaṃ kayirātha medhāvī, yaṃ ogho nābhikīrati.
Sarana pambudidaya kang taberi, tekun, nuhoni kuwajiban sarta bisa meper panca indriyane, sayogyane wong wicaksana yasa pulo tumrap dhiri pribadine; kang ora bisa kerem dening banjir.
25
6. pamādamanuyuñjanti, bālā dummedhino janā.
appamādañca medhāvī, dhanaṃ seṭṭhaṃva rakkhati.
Wong cubluk kang tuna ing pangeten, katrem ing sajroning lena; wong wicaksana tansah rumeksa kawaspadane kayadene ngreksa raja-darbeke kang banget aji.
26
7. mā pamādamanuyuñjetha, mā kāmaratisanthavaṃ.
appamatto hi jhāyanto, pappoti vipulaṃ sukhaṃ.
Aja katrem ing sajroning lena; aja kabanda dening kasenengan-sasenenganing panca indriya. Wong kang waspada sarta dhemen nggegulang samadi bakal oleh kabegjen lan kamulyan agung.
27
8. pamādaṃ appamādena, yadā nudati paṇḍito.
paññāpāsādamāruyha, asoko sokiniṃ pajaṃ.
pabbataṭṭhova bhūmaṭṭhe, dhīro bāle avekkhati.
Menawa wong wicaksana wis ora kurang weweka sarta wis ngawekani kawaspadan, ing kono wong kang wis kasil ngalahake kasedihan iki; banjur munggah menyang menara kawicaksanan, nyawang wong-wong kang pada nandhang, kayadene sawijining wong kang ngadeg sadhuwuring gunung nyawang wong-wong kang ana ing sangisore.
28
9. appamatto pamattesu, suttesu bahujāgaro.
abalassaṃva sīghasso, hitvā yāti sumedhaso.
Waspada ing antarane kang katalompen, melek ing antarane kang katuron; wong wicaksana terus maju, kayadene jaran kang lumayu rikat ninggalake jaran ringkih kang ana mburine.
29
10. appamādena maghavā, devānaṃ seṭṭhataṃ gato.
appamādaṃ pasaṃsanti, pamādo garahito sadā.
Sarana kawaspadan, Dewa Saka nggayuh drajat tetungguling para dewa. Salugune, kawaspadan iku tansah pinuji, dene kalepyan bakal tansah cinedha.
30
11. appamādarato bhikkhu, pamāde bhayadassi vā.
saṃyojanaṃ aṇuṃ thūlaṃ, ḍahaṃ aggīva gacchati.
Bhikkhu kang suka-gembira sajroning kawaspadan sarta nyumurupi bebaya sajroning kalenan (tlompe) bakal terus maju, ngobong sakabening papalanging batin, kayadene geni ngobong bahan bakar, kang gedhe utawa cilik.
31
12. appamādarato bhikkhu, pamāde bhayadassi vā.
abhabbo parihānāya, nibbānasseva santike.
Bhikkhu kang suka-gembira sajroning kawaspadan sarta nyumurupi nenaya sajroning kalenan, ing kono deweke ora bisa katliweng maneh; dheweke wis ana ing sangarsane kori Nibbana.
32