IX. PAPA VAGGA ~ Kejahatan
1. abhittharetha kalyāṇe, pāpā cittaṃ nivāraye.
dandhañhi karoto puññaṃ, pāpasmiṃ ramatī mano.
Enggal-enggal nindakna tindak utama lan penggaken pikiranmu kang tumuju marang budi candhala. Sing sapa sungkan tumindak utama, ing kono pikirane bakal bungah-bungah jroning nindakake piala.
116
2. pāpañce puriso kayirā, na naṃ kayirā punappunaṃ.
na tamhi chandaṃ kayirātha, dukkho pāpassa uccayo.
Yen ana manungsa tumundak candhala, kudune dheweke ora mbaleni panggawe ala iku, sarta atine aja bungah-bungah sajroning nindakake panggawe ala iku. Satemene banget nyusahake (dukkha) wohing tindak piala iku.
117
3. puññañce puriso kayirā, kayirā naṃ punappunaṃ.
tamhi chandaṃ kayirātha, sukho puññassa uccayo.
Yen ana manungsa tumindak utama, becike dheweke tansah wola-wali nindakake panggawe utama iku, lan rumangsa bungah atine jroning nindakake panggawe utama mau, satemene banget agawe begja (bahagia) wohing tindak utama iku.
118
4. pāpopi passati bhadraṃ, yāva pāpaṃ na paccati.
yadā ca paccati pāpaṃ, atha pāpo pāpāni passati.
Paraga tindak candhala rumangsa yen tumindake iku becik, samangsa wohing tindak ala iku durung mateng; nanging yen wohing tindak ala mau wis mateng, ing kono dheweke bakal anyurupi pikilehe tumindak ala.
119
5. bhadropi passati pāpaṃ, yāva bhadraṃ na paccati.
yadā ca paccati bhadraṃ, atha bhadro bhadrāni passati.
Paraga tindak utama rumangsa kaya-kaya tumindake iku ora nyenengake, samangsa wohing tindak utama iku durung mateng, nanging menawa wohing tindak utama mau wis mateng, ing kono dheweke bakal ngrasakake pituwas-pituwas kang nyenengake.
120
6. māvamaññetha pāpassa, na mantaṃ āgamissati.
udabindunipātena, udakumbhopi pūrati.
bālo pūrati pāpassa, thokaṃ thokampi ācinaṃ.
Aja nganti ngremehake budi candhala, nadyan cilik, kanthi ngucap: "Tumindak candhala iku ora bakal ana akibate". Kayadene jun kang kebak banyu karana diklumpukake saka satetes, mengkono uga wong bodho kanthi ngumpulake tindak candala saka sethithik, bakal ngebaki dhirine mawa tindak candhala.
121
7. māvamaññetha puññassa, na mantaṃ āgamissati.
udabindunipātena, udakumbhopi pūrati.
dhīro pūrati puññassa, thokaṃ thokampi ācinaṃ.
Aja nganti ngremehake tumindak becik, nadyanta mung sathithi, kanthi ngucap: "Tumindak becik iku ora bakal ana akibate". Kayadene sawijining jun kang kebak banyu kang diklumpukake saka satetes. Mangkono uga wong wicaksana kanthi ngumpulake kautaman saka sathithik, bakal ngebaki dhirine mawa kautaman.
122
8. vāṇijova bhayaṃ maggaṃ, appasattho mahaddhano.
visaṃ jīvitukāmova, pāpāni parivajjaye.
Kayadene sudagar kang mung sathithik pengiringe, nggawa dhuwit akeh, arep nyimpangi dalam kang mbebayani lan kayadene wong sing tresna marang uripe bakal nyiriki racun, mangkono uga kudune manungsa anggone ngemohi bab-bab kang ora prayoga (jahat).
123
9. pāṇimhi ce vaṇo nāssa, hareyya pāṇinā visaṃ.
nābbaṇaṃ visamanveti, natthi pāpaṃ akubbato.
Manungsa kang ora duwe tatu ing tangane, dheweke ora wedi nggegem racun; racun ora bakal gawe cilaka marang wong kang ora duwe tatu. Mangkono uga wong kang ora tumindak sandhala, mesthi kalis ing panandhang.
124
10. yo appaduṭṭhassa narassa dussati, suddhassa posassa anaṅgaṇassa.
tameva bālaṃ pacceti pāpaṃ, sukhumo rajo paṭivātaṃva khitto.
Sing sapa tumindak candhala marang wong utama, wong suci lan wong kang ora duwe kaluputan, ing kono pialane bakal mbalik ngenani wong bodho mau, kayadene debu/awu kang sinawurake mapag sangkaning angin.
125
11. gabbhameke uppajjanti, nirayaṃ pāpakammino.
saggaṃ sugatino yanti, parinibbanti anāsavā.
Saperangan manungsa lahir saka kandhutan; paraga tindak candhala lahir ing alam naraka; manungsa kang kalakuane becik lahir ing alam swarga, dene manungsa kang tan kalepetan kekotoran batin nggayuh Nirwana (Nibbana).
126
12. na antalikkhe na samuddamajjhe, na pabbatānaṃ vivaraṃ pavissa.
na vijjatī so jagatippadeso, yatthaṭṭhito mucceyya pāpakammā.
Ora ing langit, ora ing tengah-tengahing samodra, apa maneh ing gunung; ing ngendi wae ora bisa tinemokake papan padunungan tumrap manungsa, supaya bisa sesingidan murih kalis saka wohing tumindak candhala.
127
13. na antalikkhe na samuddamajjhe, na pabbatānaṃ vivaraṃ pavissa.
na vijjatī so jagatippadeso, yatthaṭṭhitaṃ nappasaheyya maccu.
Ora ing langit, ora ing tengahing samodra, apa maneh ing bengkahan-bengkahan gunung; ing ngendi wae ora bisa tinemokake papan padunungan tumrap manungsa kanggo nyingidake awake, supaya kalis ing pati.
128