X. DANDA VAGGA ~ Paukuman
1. sabbe tasanti daṇḍassa, sabbe bhāyanti maccuno.
attānaṃ upamaṃ katvā, na haneyya na ghātaye.
Saben manungsa gumeter marang ukuman, saben manungsa wedhi marang pepati. Sawise nimbang-nimbang wong liya karo awake dhewe, ing kono manungsa kudune ora gelem memateni utawa njalari pepati.
129
2. sabbe tasanti daṇḍassa, sabbesaṃ jīvitaṃ piyaṃ.
attānaṃ upamaṃ katvā, na haneyya na ghātaye.
Saben manungsa gumeter marang ukuman, saben manungsa tresna marang uripe. Sawise nimbang-nimbang wong liya karo awake dhewe, samesthine manungsa ora memateni utawa njalari pepati.
130
3. sukhakāmāni bhūtāni, yo daṇḍena vihiṃsati.
attano sukhamesāno, pecca so na labhate sukhaṃ.
Sing sapa golek kabegjan kanggo awake dhewe, kanthi nganiaya titah-titah liya kang uga mbutuhake kabegjan, sawise mati dheweke ora bakal nggayuh kabegjan.
131
4. sukhakāmāni bhūtāni, yo daṇḍena na hiṃsati.
attano sukhamesāno, pecca so labhate sukhaṃ.
Sing sapa ngupaya kabegjan kanggo awake dhewe ora kanthi nganiaya titah-titah liya kang uga mbutuhake kabegjan, sawise mati dheweke bakal nggayuh kabegjan.
132
5. māvoca pharusaṃ kañci, vuttā paṭivadeyyu taṃ.
dukkhā hi sārambhakathā, paṭidaṇḍā phuseyyu taṃ.
Aja ngucapake tembung-tembung kasar marang sapa wae, jalaran sing sapa ketaman ucap mangkono iku bakal mangsuli kanthi cara sing padha. Salugune banget nglarakake ati pangucap kang kasar iku, kayadene piwales kang bakal natoni kowe.
133
6. sace neresi attānaṃ, kaṃso upahato yathā.
esa pattosi nibbānaṃ, sārambho te na vijjati.
Lamun kowe bisa meneng kayadene gong pecah, ing kono kowe wis bisa nggayuh Nibbana. Pepenginan bakal males (rasa dhendhem), wis ora tinemu ing awakmu.
134
7. yathā daṇḍena gopālo, gāvo pājeti gocaraṃ.
evaṃ jarā ca maccu ca, āyuṃ pājenti pāṇinaṃ.
Kayadene sawijining pangon nggiring sapine mawa gitik menyang ara-ara, mengkono uga umur tuwa lan pati nggiring uripe kabeh titah.
135
8. atha pāpāni kammāni, karaṃ bālo na bujjhati.
sehi kammehi dummedho, aggidaḍḍhova tappati.
Manawa wong cubluk nindakake pakarti candhala, dheweke ora ngerti apa pikolehe pakartine. Wong cubluk kesiksa dening pakartine dhewe, kayadene wong kang kaobong ing geni.
136
9-12. yo daṇḍena adaṇḍesu, appaduṭṭhesu dussati.
dasannamaññataraṃ ṭhānaṃ, khippameva nigacchati.

vedanaṃ pharusaṃ jāniṃ, sarīrassa ca bhedanaṃ.
garukaṃ vāpi ābādhaṃ, cittakkhepañca pāpuṇe.

rājato vā upasaggaṃ, abbhakkhānañca dāruṇaṃ.
parikkhayañca ñātīnaṃ, bhogānañca pabhaṅguraṃ.

atha vāssa agārāni, aggi ḍahati pāvako.
kāyassa bhedā duppañño, nirayaṃ sopapajjati.
Sing sapa ngukum wong-wong kang ora samesthine diukum, kang ora tau nglarani liyan, ing kono dheweke bakal enggal nampa salah sijining kahanan kang kasebut iki:
dheweke bakal ngrasakake lara kang banget, kacilakan, tatu awake, lara nemen utawa malah owah engetane.
utawa ditindhes dening ratu, utawa kena pendakwa sing abot, utawa kelangan sanak sadulur, utawa raja-branane entek,
utawa omahe entek kobong lan sawise ragane ajur, wong bodho iku bakal lahir maneh (tumimbal lahir) ing alam neraka.
137-140
13. na naggacariyā na jaṭā na paṅkā, nānāsakā thaṇḍilasāyikā vā.
rajojallaṃ ukkuṭikappadhānaṃ, sodhenti maccaṃ avitiṇṇakaṅkhaṃ.
Ora amarga wuda, rambut diklabang, awak reged gupak endhut, pasa gumlethak ing lemah, nylorengi awake nganggo awu utawa lungguh jengkeng, kang bisa mahanani kasukeen marang manungsa ing ndonya kang durung uwal saka mangu-mangu (ragu-ragu).
141
14. alaṅkato cepi samaṃ careyya, santo danto niyato brahmacārī.
sabbesu bhūtesu nidhāya daṇḍaṃ, so brāhmaṇo so samaṇo sa bhikkhu.
Sanajan wong ngngge klambi apik, nanging yen dheweke njaga katentremaning pikirane kang dikendhaleni, mantep, murni, lan ora nglarani titah-titah liya; ya mangkono iku salugune Brahmana, salugune Sramana utawa salugune Wiku.
142
15. hirīnisedho puriso, koci lokasmi vijjati.
yo niddaṃ apabodheti, asso bhadro kasāmiva.
Ing donya iki pranyata angel tinemune wong kang bisa ngendhaleni dhiri kanthi ndarbeni rasa wirang kanggo tumindak candhala, sarta waspada kayadene jaran kang wis digladhi becik, kanggo nyingkiri gitik.
143
16. asso yathā bhadro kasāniviṭṭho, ātāpino saṃvegino bhavātha.
saddhāya sīlena ca vīriyena ca, samādhinā dhammavinicchayena ca.
sampannavijjācaraṇā patissatā, jahissatha dukkhamidaṃ anappakaṃ.
Kaya jaran kang kagladhi becik, lamun digitik sepisan wae bakal gumregah lan banjur lumayu rikat. Mangkono uga wong kang taberi alam kebak rasa-agama, kanthi kapitayan, kanthi kasusilaan, sregep ulah samadi lan mempeng sinau Dhamma kanthi limambaran tindak-tanduk kang sampurna sarta tansah eling lan waspada; ing kono dheweke bakal mlayu ninggalake panandhang kang abot iki.
144
17. udakañhi nayanti nettikā, usukārā namayanti tejanaṃ.
dāruṃ namayanti tacchakā, attānaṃ damayanti subbatā.
Tukang gawe dalan banyu, ngilekake banyu, tukang panah ngensengake paser 9anak panah), tukang kayu ngeluk kayu, wong apik nelukake awake dhewe.
145