XI. JARA VAGGA ~ Umur tua
1. ko nu hāso kimānando, niccaṃ pajjalite sati.
andhakārena onaddhā, padīpaṃ na gavesatha.
Yagene gumuyu, yagene bungah-bungah, menawa donya iki tansah kobong. Sawise kalimputan ing pepeteng, apa kowe ora kepingin golek cahya (pepadhang).

146
2. passa cittakataṃ bimbaṃ, arukāyaṃ samussitaṃ.
āturaṃ bahusaṅkappaṃ, yassa natthi dhuvaṃ ṭhiti.
Delengan raga kang endah iki, kebak tatu, dumadi saka othak-athikan balung, ngandhut lelara lan mbutuhake pangupakara, ora langgeng sarta ora tetep kahanane.

147
3. parijiṇṇamidaṃ rūpaṃ, roganīḷaṃ pabhaṅguraṃ.
bhijjati pūtisandeho, maraṇantañhi jīvitaṃ.
Raga iku temen-temen gapuk, dadi susuhing lelara lan banget ringkih. Tumpukan kang njejemberi iki, bakal remuk cuwil-cuwil. Salagune urip iki bakal dipungkasi, mawa pati.

148
4. yānimāni apatthāni, alābūneva sārade.
kāpotakāni aṭṭhīni, tāni disvāna kā rati.
Kayadene woh labu kang binuwang ing mangsa rontok, mangkono uga kadadeyane balung-balung kang putih iki. Apa nyenengake kanggone wong kang nyumurupi?

149
5. aṭṭhīnaṃ nagaraṃ kataṃ, maṃsalohitalepanaṃ.
yattha jarā ca maccu ca, māno makkho ca ohito.
Raga iki dumadi saka balung-balung kang tinutup ing daging lan getih. Ing kene dedunung kerusakan lan pepati, sipat kumingsun sarta kang palsu/semu.

150
6. jīranti ve rājarathā sucittā, atho sarīrampi jaraṃ upeti.
satañca dhammo na jaraṃ upeti, santo have sabbhi pavedayanti.
Kreta-kreta kraton kang kebak rerenggan iku uga bakal gapuk, mangkono uga raga iki bakal dadi tuwa. Ananging Dhamma piwulange wong suci ora bakal gapuk. Salugune kanthi cara iki para suci mulangake kabecikan.

151
7. appassutāyaṃ puriso, balibaddhova jīrati.
maṃsāni tassa vaḍḍhanti, paññā tassa na vaḍḍhati.
Manungsa kang ora gelem sinau, bakal dadi tuwa kayadene sapi lanang. Daginge saya tambah, nanging ora bisa mundhak kawicaksanane.

152
8-9. anekajātisaṃsāraṃ, sandhāvissaṃ anibbisaṃ.
gahakāraṃ gavesanto, dukkhā jāti punappunaṃ.
gahakāraka diṭṭhosi, puna gehaṃ na kāhasi.
sabbā te phāsukā bhaggā, gahakūṭaṃ visaṅkhataṃ.
visaṅkhāragataṃ cittaṃ, taṇhānaṃ khayamajjhagā.
Liwat kelairan makaping-kaping aku lunga ngumbara. Jroning jantraning urip terus ngupaya, nanging ora bisa nemokake sapa sing gawe omah iki. Salugune banget nyusahake kelairan makaping-kaping iki.
O, tukang gawe omah, kowe wis daksumurupi. Kowe ora bakal gawe omah maneh. Kabeh payonmu wis runtuh, cagak lan blandarmu wis putung. Saiki batinku wis nggayuh tatanan Tanpa Sarat (Nibbana), lan pungkasane napsu pepinginan wis kagayuh.

153-154
10. acaritvā brahmacariyaṃ, aladdhā yobbane dhanaṃ.
jiṇṇakoñcāva jhāyanti, khīṇamaccheva pallale.
Sapa kang ora nindakake urip suci, sarta ora nglumpukake kasugihan batin nalika isih enom, ing kono dheweke bakal ngenes (merana) kayadene manuk bango tuwa kang manggon ing sendhang tanpa iwak.

155
11. acaritvā brahmacariyaṃ, aladdhā yobbane dhanaṃ.
senti cāpātikhīṇāva, purāṇāni anutthunaṃ.
Sapa kang ora nindakake urip suci, sarta ora nglumpukake bandha sapatute nalika isih enom, ing kono dheweke bakal njerbabah nandhang sangsara, kayadene gandhewaning panah kang rusak, nggetuni mangsa kang wis kepungkur.

156