XII. ATTA VAGGA ~ Dhiri pribadi
1. attānañce piyaṃ jaññā, rakkheyya naṃ surakkhitaṃ.
tiṇṇaṃ aññataraṃ yāmaṃ, paṭijaggeyya paṇḍito.
Lamun manungsa nresnani awake dhewe, ing kono dheweke kudu njaga pribadine kanthi becik. Wong kang wicaksana tansah waspada sajroning telung mangsa uripe (mangsa mudha, mangsa diwasa, mangsa umur tuwa).
157
2. attānameva paṭhamaṃ, patirūpe nivesaye.
athaññamanusāseyya, na kilisseyya paṇḍito.
Prayogane manungsa bisa mapanake awake dhewe dhisik ing bab-bab kang patut, lan sabanjure nggladhi wong liya. Wong wicaksana sing tumindak kanthi cara iki, ing kono pribadine ora bakal cinedha.
158
3. attānaṃ ce tathā kayirā, yathāññamanusāsati.
sudanto vata dametha, attā hi kira duddamo.
Kayadene dheweke mulang wong liya, mangkono uga kudune dheweke tumindak kanggo awake dheweke. Sawise dheweke bisa nggladhi salira pribadi kanthi becik, banjur dheweke nggladhi wong liya. Satemene banget rekasa nggladhi awake dhewe iku.
159
4. attā hi attano nātho, ko hi nātho paro siyā.
attanā hi sudantena, nāthaṃ labhati dullabhaṃ.
Salira pribadi iku salugune ratu tumrap awake dhewe, awit sapa maneh kang bisa dadi ratu tumrape awake dhewe. Sawise sawijining manungsa bisa nggladhi awake dhewe kanthi becik, ing kono dheweke bakal oleh pangayoman kang banget rekasa panggayuhe.
160
5. attanā hi kataṃ pāpaṃ, attajaṃ attasambhavaṃ.
abhimatthati dummedhaṃ, vajiraṃ vasmamayaṃ maṇiṃ.
Tindak candhala kang ditindakake dening salira pribadi, sarta disababake dening sarira pribadi, bakal nglebur wong cubluk, kaya dene inten kang ngremuk (nggiles) mripatan (sesotya) sing banget atose.
161
6. yassa accantadussīlyaṃ, māluvā sālamivotthataṃ.
karoti so tathattānaṃ, yathā naṃ icchatī diso.
Wong kang kalakuane ala iku kayadene thukulan "Maluva" kang mrambat nggubet wit "sala", mesthi dheweke bakal tumindak kanggo butuhe dhewe, kayadene apa sing dikarepake mungsuhe tumrap dheweke.
162
7. sukarāni asādhūni, attano ahitāni ca.
yaṃ ve hitañca sādhuñca, taṃ ve paramadukkaraṃ.
Salugune gampang wae nindakake bab-bab kang ala lan ora migunani kanggo awake dhewe. Nanging satemene banget rekasa nindakake bab-bab kang migunani lan apik tumrap awake dhewe.
163
8. yo sāsanaṃ arahataṃ, ariyānaṃ dhammajīvinaṃ.
paṭikkosati dummedho, diṭṭhiṃ nissāya pāpikaṃ.
phalāni kaṭṭhakasseva, attaghātāya phallati.
Wong cubluk kang duwe panemu-panemu sasar, banjur ngina piwulang-piwulange wong minulya, wong suci lan wong becik, ing kono wong cubluk mau bakal ngremuk awake dhewe, kayadene suket "kastha" kang metu wohe mung kanggo ngremuk awake dhewe.
164
9. attanā hi kataṃ pāpaṃ, attanā saṃkilissati.
attanā akataṃ pāpaṃ, attanāva visujjhati.
suddhī asuddhi paccattaṃ, nāñño aññaṃ visodhaye.
Dening salira pribadi tindak candhala ditindakake, dening salira pribadi uga sawijining manungsa dicacad (cineda). Dening salira pribadi tindak candhala ora ditindakake, dening salira pribadi uga manungsa dadi suci. Suci utawa ora suci gumantung marang salira pribadi, ora ana wong siji-sijia, kang bisa gawe suci wong liya.
165
10. attadatthaṃ paratthena, bahunāpi na hāpaye.
attadatthamabhiññāya, sadatthapasuto siyā.
Aja amarga kanggo kauntungan wong liya sing kepriye wae, manungsa banjur nglalekake kuwajiban kanggo awake dhewe. Kudune dheweke tanggon (tatag) nindakake tugas kuwajibane, sawise manungsa nyumurupi tujuan kang pungkasan (Nibbana) kanggo awake dhewe.
166