XIII. LOKA VAGGA ~ Donya
1. hīnaṃ dhammaṃ na seveyya, pamādena na saṃvase.
micchādiṭṭhiṃ na seveyya, na siyā lokavaḍḍhano.
Aja kayungyun marang kanisthan, aja tinggal kaprayitnan, aja nganut marang wawasan sasar, lan aja mangeran ing kadonyan.

167
2. uttiṭṭhe nappamajjeyya, dhammaṃ sucaritaṃ care.
dhammacārī sukhaṃ seti, asmiṃ loke paramhi ca.
Gumregaha! Aja lena! Lakonana panguripan bener! Sing sapa nglakoni panguripan bener, ing kono dheweke bakal urip mulya ing alam donya iki lan ing alam liyane.

168
3. dhammaṃ care sucaritaṃ, na naṃ duccaritaṃ care.
dhammacārī sukhaṃ seti, asmiṃ loke paramhi ca.
Sayogyane manungsa urip salaras karo piwulang Dhamma lan ora nglakoni tindak candhala. Sing sapa uripe salaras karo piwulang Dhamma, ingkono dheweke bakal urip mulya ing alam donya iki lan ing alam liyane.

169
4. yathā pubbuḷakaṃ passe, yathā passe marīcikaṃ.
evaṃ lokaṃ avekkhantaṃ, maccurājā na passati.
Sing sapa mawas donya iki kayadene weruh unthuk utawa kaya weruh wewayangan semu, ing kono Rajaning Pepati ora bakal bisa nemokake dheweke.

170
5. etha passathimaṃ lokaṃ, cittaṃ rājarathūpamaṃ.
yattha bālā visīdanti, natthi saṅgo vijānataṃ.
Coba delengan donya iki rak kaya kreta-kraton kang kebak rerenggan, kang njalari si cubluk katrem ing kono. Nanging tumrap wong kang waskitha, ing kono wis sepi ing pakareman mungguhing pribadine.

171
6. yo ca pubbe pamajjitvā, pacchā so nappamajjati.
somaṃ lokaṃ pabhāseti, abbhā muttova candimā.
Sing sapa kang sakawit lumuh, nanging sabanjure ora lumuh, ing kono dheweke bakal nyawang jagad iki kaya rembulan kang kalis saka limputaning mega.

172
7. yassa pāpaṃ kataṃ kammaṃ, kusalena pidhīyati.
somaṃ lokaṃ pabhāseti, abbhā muttova candimā.
Sing sapa bisa nyingkirake tindak candhala, kang tau ditindakake, kanthi tumindak becik, ing kono dheweke bakal madhangi jagad iki kaya rembulan kang kalis saka limputaning mega.

173
8. andhabhūto ayaṃ loko, tanukettha vipassati.
sakuṇo jālamuttova, appo saggāya gacchati.
Alam donya iki sinaput ing pepeteng, lan langka kang wikan. Kayadene manuk-manuk kang uwal saka jaring, mangkono uga langka manungsa kang bisa nggayuh Nirwana.

174
9. haṃsādiccapathe yanti, ākāse yanti iddhiyā.
nīyanti dhīrā lokamhā, jetvā māraṃ savāhiniṃ.
Kumpulan angsa mabur pinuju soroting surya, kanthi nggumunake kaliyan kuwi mabur ing gegana. Wong kang wicaksana sumingkir saka kadonyan sawise ngalahake Mara sa-wadyabalane.

175
10. ekaṃ dhammaṃ atītassa, musāvādissa jantuno.
vitiṇṇaparalokassa, natthi pāpaṃ akāriyaṃ.
Wong kang nerak salah sawijining piwulang Dhamma, kang demen goroh, kang ora melu marang uripe ing tembe mburi, ing kono tumrap dheweke ora ana kadurakan kang ora bisa ditindakake.

176
11. na ve kadariyā devalokaṃ vajanti, bālā have nappasaṃsanti dānaṃ.
dhīro ca dānaṃ anumodamāno, teneva so hoti sukhī parattha.
Satuhune wong cethil ora bakal bisa nggayuh alam kadewatan (swarga0. Satuhune wong bodho ora bakal bisa ngajeni marang kabecikan. Nanging wong kang wicaksana suka nindakake dedana, mula saka iku dheweke bakal gembira ing alam candhake.

177
12. pathabyā ekarajjena, saggassa gamanena vā.
sabbalokādhipaccena, sotāpattiphalaṃ varaṃ.
Luwih becik tinimbang dadi panguwasa ing bumi, luwih becik tinimbang nggayuh swarga, luwih becik tinimbang nguwasani jagad saisine. Mangkono tumrap panjenengane kang wis kasil nggayuh Sotapatti-phala.

178