XIV. BUDDHA VAGGA ~ Buddha
1. yassa jitaṃ nāvajīyati, jitaṃ yassa no yāti koci loke.
taṃ buddhamanantagocaraṃ, apadaṃ kena padena nessatha.
Panjenengane kang wis ngasorake hardaning kanepson ora bakal bisa kasoran maneh dening napsu-napsu kang wis dikalahake lan wis ora ngetutake Panjenengane maneh. Marang Panjenengane, Sang Buddha, kang wis ora kadunungan tilas (napsu-napsu), sarta ndarbeni panguwasa kang tanpa wates iku, kanthi cara (dalan) apa sira bisa nggodha Panjenengane?
179
2. yassa jālinī visattikā, taṇhā natthi kuhiñci netave.
taṃ buddhamanantagocaraṃ, apadaṃ kena padena nessatha.
Panjenengane kang wis ora bisa disasarake maneh dening napsu-napsu pepenginan kang njiret lan ngracuni, kang mangkono marang Panjenengane, Sang Buddha, kang wis tanpa tilas (napsu-napsu), sarta ndarbeni panguwasa kang tanpa wates iku, kanthi dalan apa sira bisa nggodha Panjenengane?
180
3. ye jhānapasutā dhīrā, nekkhammūpasame ratā.
devāpi tesaṃ pihayanti, sambuddhānaṃ satīmataṃ.
Wong wicaksana kang mempeng semadine, sarta bungah sajroning katentreman — panglepasan, kang ndarbeni kawaspadan lan wis nggayuh Pepadhang Sampurna; kang mangkono iku, sanadyan para dewa uga bakal asih marang Panjenengane.
181
4. kiccho manussapaṭilābho, kicchaṃ maccāna jīvitaṃ.
kicchaṃ saddhammassavanaṃ, kiccho buddhānamuppādo.
Angel banget dilahirake dadi manungsa, angel banget penguripane manungsa, angel banget bisane ngrungu Piwulang Kasunyatan, mangkono uga angel banget mungguh dumadine sawijining Buddha.
182
5. sabbapāpassa akaraṇaṃ, kusalassa upasampadā.
sacittapariyodapanaṃ, etaṃ buddhāna sāsanaṃ.
Ora nindakake laku nistha, nanging nengenake pakarti becik sarta sesuci batin; yaiku piwulange Para Buddha (Aja gawe piala marang liyan Nandura kabecikan Sucenana ati lan pikiran Ya iku piwulange para Buddha).
183
6. khantī paramaṃ tapo titikkhā, nibbānaṃ paramaṃ vadanti buddhā.
na hi pabbajito parūpaghātī, na samaṇo hoti paraṃ viheṭhayanto.
Kesabaran iku laku tanpa kang pinunjul. Nibbana iku luhur-luhuring kahanan, mangkono sabdane Para Buddha. Dheweke kang isih nyikara liyan, sejatine dudu wong kang wis tinggal bale-wisma (pabbaja). Dheweke kang isih sok nganiaya liyan sajatine dudu wong kang laku tapa (Samana).
184
7. anūpavādo anūpaghāto, pātimokkhe ca saṃvaro.
mattaññutā ca bhattasmiṃ, pantañca sayanāsanaṃ.
adhicitte ca āyogo, etaṃ buddhāna sāsanaṃ.
Ora ngina, ora milara, meper dhiri salaras karo pauugeran, dahar samadya, kersa dedunung ing papan kang sepi sarta nggegulang luhuring batin; yaiku piwulange Para Buddha.
185
8-9. na kahāpaṇavassena, titti kāmesu vijjati.
appassādā dukhā kāmā, iti viññāya paṇḍito.

api dibbesu kāmesu, ratiṃ so nādhigacchati.
taṇhakkhayarato hoti, sammāsambuddhasāvako.
kemaremaning napsu indriya ora tinemu ing sajroning udan dhuwit emas. Napsu indriya mungmujudake kesenengan satleraman kang bakal owah dadi panandhang. Mangkono wong wicaksana bisa nyumurupi bab iki kanthi trawaca, mula sanadyan urip ing alam kaswargan dheweke ora rumangsa sengsem. Mangkono siswane Sang Buddha Kang Maha Sampurna anggone tansah sengsem sajrone nglebur sakabehing pepinginan.
kemaremaning napsu indriya ora tinemu ing sajroning udan dhuwit emas. Napsu indriya mungmujudake kesenengan satleraman kang bakal owah dadi panandhang. Mangkono wong wicaksana bisa nyumurupi bab iki kanthi trawaca, mula sanadyan urip ing alam kaswargan dheweke ora rumangsa sengsem. Mangkono siswane Sang Buddha Kang Maha Sampurna anggone tansah sengsem sajrone nglebur sakabehing pepinginan.
186-187
10-14. bahuṃ ve saraṇaṃ yanti, pabbatāni vanāni ca.
ārāmarukkhacetyāni, manussā bhayatajjitā.

netaṃ kho saraṇaṃ khemaṃ, netaṃ saraṇamuttamaṃ.
netaṃ saraṇamāgamma, sabbadukkhā pamuccati.

yo ca buddhañca dhammañca, saṅghañca saraṇaṃ gato.
cattāri ariyasaccāni, sammappaññāya passati.

dukkhaṃ dukkhasamuppādaṃ, dukkhassa ca atikkamaṃ.
ariyaṃ caṭṭhaṅgikaṃ maggaṃ, dukkhūpasamagāminaṃ.

etaṃ kho saraṇaṃ khemaṃ, etaṃ saraṇamuttamaṃ.
etaṃ saraṇamāgamma, sabbadukkhā pamuccati.
Akeh wong golek pangayoman menyang gunung-gunung, menyang alas-alas, menyang arama-arama, menyang wit gedhe, lan menyang papan-papan pamujan adhedhasar rasa wedhi.
Papan kang mengkono dudu pangayoman kang nentremake, dudu pangayoman kang utama. Kanthi golek pangayoman kang mangkono iku, manungsa ora bakal bisa uwal saka panandang.
Dheweke kang wis mangayom marang Sang Buddha, Dhamma lan Sangha; kanthi wicaksana wis bisa sumurup Kasunyatan Luhur Patang Bab yaiku:
Panandhang, Sabab'e Panandhang, Sirnaning Panandhang lan Dalan Luhur Wulung Bab kang kanggo mungkasi Panandhang.
Kang mangkono satemene mujudake pangayoman kang utama. Kanthi golek pangayoman kang kaya mangkono iku manungsa bakal bisa uwal saka sakabehing Panandhang.
188-192
15. dullabho purisājañño, na so sabbattha jāyati.
yattha so jāyati dhīro, taṃ kulaṃ sukhamedhati.
Angel ngupaya manungsa kang darbe Kawicaksanan Agung, sarta wong kang kaya mangkono iku ora linahirake ing sadhengah papan. Nanging ing ngendi wae wong kaya mangkono iku linahirake, ing kono kulawargane bakal nemu kabegjan.
193
16. sukho buddhānamuppādo, sukhā saddhammadesanā.
sukhā saṅghassa sāmaggī, samaggānaṃ tapo sukho.
Wiyose Para Buddha mujudake kabegjan. Piwulang Kasunyatan mujudake sabab kabegjan. Manunggaling Sangha mujudake sabab kabegjan. Lan pambudidayane kang wis manunggal mau mujudake sabab kabegjan.
194
17-18. pūjārahe pūjayato, buddhe yadi va sāvake.
papañcasamatikkante, tiṇṇasokapariddave.

te tādise pūjayato, nibbute akutobhaye.
na sakkā puññaṃ saṅkhātuṃ, imettamapi kenaci.
Sing sapa asung pahormatan marang kang patut kinurmatan, yaiku Para Buddha utawa siswa-siswa Dalem Sang Buddha kang wis kasil nyingkirake pepalanging batin sarta wis kalis saka tangis lan kesedihan; dheweke iku gawe lelabet kang ora kena diukur mawa ukuran apa wae.
Sing sapa asung pahurmatan marang wong-wong suci, kang wis kalis saka rasa was-sumelang, dheweke iku gawe lelabet kang ora kena diukur mawa apa wae.
195-196