XV. SUKHA VAGGA ~ Kabegjan
1. susukhaṃ vata jīvāma, verinesu averino.
verinesu manussesu, viharāma averino.
Saiba begjane yen kito urip kalis saka rasa sengit, sanajan ana ong satengahe wong kang padha sesengitan; ing satengahing wong kang padha sesengitan kito urip kalis saka rasa sengit.
197
2. susukhaṃ vata jīvāma, āturesu anāturā.
āturesu manussesu, viharāma anāturā.
Saiba begjane yen kito urip kalis saka lelara sanajan ing satengahe wong kang padha lelaranen; ing satengahing wong kang lelaranen kito urip kalis saka lelara.
198
3. susukhaṃ vata jīvāma, ussukesu anussukā.
ussukesu manassesu, viharāma anussukā.
Saiba bagjane yen kito urip kalis saka kamurkan sanajan ing satengahing wong kang padha ngumbar kamurkan; yen ing satengahing wong kang padha ngumbar kamurkan kito urip kalis saka kamurkan.
199
4. susukhaṃ vata jīvāma, yesaṃ no natthi kiñcanaṃ.
pītibhakkhā bhavissāma, devā ābhassarā yathā.
Saiba begjane yen kito ora kabanda dening rasa kamelikan. Kito bakal urip kanthi gembira kayadene para dewa ing alam Abhassara (sadhuwure alam swarga).
200
5. jayaṃ veraṃ pasavati, dukkhaṃ seti parājito.
upasanto sukhaṃ seti, hitvā jayaparājayaṃ.
Kemenangan nuwuhake rasa sengit, dene wong kang kasoran urip sajroning kasengsaran. Sawise uwal saka rasa menang lan kasoran, uga kang bisa uwal saka rasa pasulayan, bakal urip sajroning kabegjan.
201
6. natthi rāgasamo aggi, natthi dosasamo kali.
natthi khandhasamā dukkhā, natthi santiparaṃ sukhaṃ.
Ora ana geni kang madhani panase hawa nafsu, ora ana piala kang madhani rasa sengit, ora ana panandhang kang bisa madhani dhapukan dumadi (khandha), lan ora ana kabegjan kang luwih luhur tinimbang katenttremaning Nibbana.
202
7. jighacchāparamā rogā, saṅkhāraparamā dukhā.
etaṃ ñatvā yathābhūtaṃ, nibbānaṃ paramaṃ sukhaṃ.
Kaliren mujudake lelara kang abot dhewe. Sembarang kang dumadi saka dhedhapukan mujudake kasangsaran kang luwih gedhe. Sawise nyumurupi bab iki kanthi salugune, wong wicaksana bakal mangerteni Nibbana, kang mangkono iku mujudake kabegjan kang paling luhur.
203
8. ārogyaparamā lābhā, santuṭṭhiparamaṃ dhanaṃ.
vissāsaparamā ñāti, nibbānaṃ paramaṃ sukhaṃ.
Kasarasan iku kabegjan kang luwih gedhe. Kemareman iku bendha kang luwih aji. Keyakinan iku sedulur kang luwih becik. Nibbana mujudake kabegjan kang luhur dhewe.
204
9. pavivekarasaṃ pitvā, rasaṃ upasamassa ca.
niddaro hoti nippāpo, dhammapītirasaṃ pivaṃ.
Sawise ngrasakake jroning swasana kang sepi lan tentrem, ingkono dheweke bakal kalis saka keruwetaning bebrayan sarta ngrasakake kabungahan jroning Dhamma.
205
10. sāhu dassanamariyānaṃ, sannivāso sadā sukho.
adassanena bālānaṃ, niccameva sukhī siyā.
Ketemu Para Ariya iku becik, dedunung ing antarane Para Ariya iku mujuake kabegjan; manungsa bakal tansah rumangsa begja yen wis ora srawung karo wong cubluk.
206
11. bālasaṅgatacārī hi, dīghamaddhāna socati.
dukkho bālehi saṃvāso, amitteneva sabbadā.
dhīro ca sukhasaṃvāso, ñātīnaṃva samāgamo.
Sawenehing wong kang kerep srawung karo wong cubluk, dheweke mesthi bakal tansah sesambar. Jalaran srawung karo wong-wong bodho mujudake panandhang, kayadene manggon awor karo mungsuh. Nanging tunggal saenggon karo wong wicaksana mujudake sawijining kabegjan kaya dene sanak kadang kang bebarengan kumpul.
207
12. tasmā hi --
dhīrañca paññañca bahussutañca, dhorayhasīlaṃ vatavantamariyaṃ.
taṃ tādisaṃ sappurisaṃ sumedhaṃ, bhajetha nakkhattapathaṃva candimā.
Jalaran saka ikul bebarengan wong kang pinter, wicaksana, winasis, sregep lan mulya, sayogyane dheweke tansah ndederek marang wong kang becik, suci lan winasis iku, kayadene rembulan kang tutwuri lakuning lintang.
208