XVI. PIYA VAGGA ~ Katresnan
1. ayoge yuñjamattānaṃ, yogasmiñca ayojayaṃ.
atthaṃ hitvā piyaggāhī, pihetattānuyoginaṃ.
Wong kang marsudi marang apa kang kudune ora dipersudi, lan ora marsudi marang apa kang kudune dipersudi, ninggalake apa kang becik lan kumraket marang sabarang kang nyenengake,ing kono dheweke bakal rumangsa meri marang kang padha sengkud nggladhi dhiri.
209
2. mā piyehi samāgañchi, appiyehi kudācanaṃ.
piyānaṃ adassanaṃ dukkhaṃ, appiyānañca dassanaṃ.
Aja kumraket marang apa kang ditresnani utawa kang digething. ora ketemu karo apa kang ditresnani lan ketemu karo apa kang digething, loro-lorone iku mujudake panandhang.
210
3. tasmā piyaṃ na kayirātha, piyāpāyo hi pāpako.
ganthā tesaṃ na vijjanti, yesaṃ natthi piyāppiyaṃ.
Mula saka iku aja nresnani apa wae, sabab pisah karo apa kang ditresnani iku nglarani ati. Wis ora ana maneh bebandan tumrap kang wis uwal saka rasa tresno utawa rasa gething.
211
4. piyato jāyatī soko, piyato jāyatī bhayaṃ.
piyato vippamuttassa, natthi soko kuto bhayaṃ.
Saka kang dieman tuwuh kesedihan, saka kang dieman tuwuh kekuatiran; tumrap kang wis uwal saka kang dieman-eman ora bakal ana maneh kesedihan lan kekuwatiran.
212
5. pemato jāyatī soko, pemato jāyatī bhayaṃ.
pemato vippamuttassa, natthi soko kuto bhayaṃ.
Saka tresna tuwuh kesedhihan, saka tresna tuwuh rasa kuwatir; tumrap kang wis uwal saka katresnan, ora bakal ana maneh kesedhihan lan rasa kuatir.
213
6. ratiyā jāyatī soko, ratiyā jāyatī bhayaṃ.
ratiyā vippamuttassa, natthi soko kuto bhayaṃ.
Saka rasa seneng tuwuh kesedhihan, saka rasa seneng tuwuh rasa kuwatir; tumrap wong kang wis uwal saka kesenengan, ora bakal ana kesedhihan lan kekuwatiran maneh.
214
7. kāmato jāyatī soko, kāmato jāyatī bhayaṃ.
kāmato vippamuttassa, natthi soko kuto bhayaṃ.
Saka napsu tuwuh kesedhihan, saka napsu tuwuh kekuwatiran; tumrap kang wis uwal saka napsu, ora bakal ana maneh kesedhihan lan kekuwatiran.
215
8. taṇhāya jāyatī soko, taṇhāya jāyatī bhayaṃ.
taṇhāya vippamuttassa, natthi soko kuto bhayaṃ.
Saka pepinginan tuwuh kesedhihan, saka pepinginan tuwuh kekuwatiran; tumrap kang wis uwal saka pepinginan, ora bakal ana maneh kesedhihan lan kekuwatiran.
216
9. sīladassanasampannaṃ, dhammaṭṭhaṃ saccavedinaṃ.
attano kamma kubbānaṃ, taṃ jano kurute piyaṃ.
Sing sapa ndarbeni kasusilan lan pamawas kang sampurna, teguh jroning Dhamma, tansah bener pangucape, nuhoni kuwajiban; wong kang kaya mangkono iku bakal tansah ditresnani dening sapa wae.
217
10. chandajāto anakkhāte, manasā ca phuṭo siyā.
kāmesu ca appaṭibaddhacitto, uddhaṃsototi vuccati.
Sing sapa tuwuh pepinginane nggayuh kang Tan Kapratelakake (Nibbana), kang getering pikiran tumuju marang Wohing Kasukcentelung warna, kang batine wis ora kumraket marang kesenenngan-kesenengan indriya, wong kang kaya mangkono iku sinebut: "wis uwal, katut ilen-ilen kang tumuju menyang sungapan" (Anagami).
218
11-12. cirappavāsiṃ purisaṃ, dūrato sotthimāgataṃ.
ñātimittā suhajjā ca, abhinandanti āgataṃ.

tatheva katapuññampi, asmā lokā paraṃ gataṃ.
puññāni paṭigaṇhanti, piyaṃ ñātīva āgataṃ.
Wong kang wis suwe lelungan adoh lan sabanjure mulih kanthi slamet, ing kono kulawarga, sanak kadang sarta mitra-mitrane bakal nanggapi kanthi gembira.
Mangkono uga tindak becik kang wis linakonan bakal tumindhak marang wong kang nindakake, sanajan dheweke wis ngumbara saka alam donya iki menyang alam candhake; kayadene kulawarga kang nanggapi baline wong kang ditresnani.
219-220