XXVI. BRAHMANA VAGGA ~ Brahmana
1. chinda sotaṃ parakkamma, kāme panuda brāhmaṇa.
saṅkhārānaṃ khayaṃ ñatvā, akataññūsi brāhmaṇa.
O, brahmana. Mbudidaya'a medhot cakramanggilinganing urip, sarta singkirna hardaning napsu-napsu indriya. Sawise mangerti sirnaning cakramanggilinganing urip, O brahmana, ing kono sira bakal tepung marang apa kang Ora Cinipta (Nibbana).
383
2. yadā dvayesu dhammesu, pāragū hoti brāhmaṇo.
athassa sabbe saṃyogā, atthaṃ gacchanti jānato.
Manawa sawijining Brahmana wis anggayuh Pungkasaning dalan loro (Samatha-Vipassana), ing kono kabeh bebandan kang ana ing sajroning dhiri'ne wong kang wis mangerti mangkono iku, bakal sirna.
384
3. yassa pāraṃ apāraṃ vā, pārāpāraṃ na vijjati.
vītaddaraṃ visaṃyuttaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang wis ora darbe "gisik kene" (enam landasan indria dalam) sarta "gisik sabrang" (enam obyek indria luar) sarta gisik loro-loro-ne, kang wis ora nandhang sedhih sarta wis mardika, dheweke Daksebut Brahmana.
385
4. jhāyiṃ virajamāsīnaṃ, katakiccamanāsavaṃ.
uttamatthamanuppattaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Aku nyebut dheweke Brahmana. Kang tansah weweka, uwal saka napsu-napsu, tentrem-anteng, kang kuwajibane wis rampung, kalis saka cacad-cacad sarta kang wis anggayuh pucaking kasukcen.
386
5. divā tapati ādicco, rattimābhāti candimā.
sannaddho khattiyo tapati, jhāyī tapati brāhmaṇo.
atha sabbamahorattiṃ, buddho tapati tejasā.
Srengenge sumorot ing wanci awan; rembulan sumunar ing wanci wengi. Satriya gumebyar sarana busana perange. Sawijining Brahmana sumunar mawa cahya ing kalane manekung semadi. Ananging, Sang Buddha (Panjenengane Kang wus Anggayuh Pepadhang Sejati) sumorot gumebyar mawa cahya siang pantara ratri biyen tumekaning saiki.
387
6. bāhitapāpoti brāhmaṇo, samacariyā samaṇoti vuccati.
pabbājayamattano malaṃ, tasmā 'pabbajito'ti vuccati.
Karana wis nyingkirake piala dheweke sinebut Brahmana; karana urip ing sajrone katentreman dheweke sinebut Samana (wong kang mara tapa/sutapa); karana wis nyingkirake lelethek-leletheking batine, dheweke katelah Pabajita (wong kang wis ninggalake panguripan sesomahan).
388
7. na brāhmaṇassa pahareyya, nāssa muñcetha brāhmaṇo.
dhī brāhmaṇassa hantāraṃ, tato dhī yassa muñcati.
Aja pisan-pisan ana wong kang mara-tangan marang Brahmana, mangkono uga aja nganti Brahmana mau kebranang marang dheweke. Banget nisthane wong kang mrawasa Brahmana, ananging luwih dene nistha ing budi lamun ana Brahmana kang napsu marang wong kang mrawasa dheweke.
389
8. na brāhmaṇassetadakiñci seyyo, yadā nisedho manaso piyehi.
yato yato hiṃsamano nivattati, tato tato sammatimeva dukkhaṃ.
Ora ana kang luwih becik tumrap sawijining Brahmana kajaba nyingkirake bab-bab kang ditresnani. Menawa dheweke wis nyingkirake sasar-ing kapitayane, bakal sirna panandhange.
390
9. yassa kāyena vācāya, manasā natthi dukkaṭaṃ.
saṃvutaṃ tīhi ṭhānehi, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang ora tindak piala lumantar awak, pangucap lan pikirane, kang bisa ngendhaleni dhiri-pribadine saka telung sumber iki, dheweke patut Daksebut sawijining Brahmana.
391
10. yamhā dhammaṃ vijāneyya, sammāsambuddhadesitaṃ.
sakkaccaṃ taṃ namasseyya, aggihuttaṃva brāhmaṇo.
Menawa ana sawijining wong kang tepung Dhamma kang kababarake dening Samma Sambuddha, lumantar saka liyan, sayogyane dheweke asung pahurmatan marang wong mau, kayadene sawijining Brahmana kang hormat marang geni prapene.
392
11. na jaṭāhi na gottena, na jaccā hoti brāhmaṇo.
yamhi saccañca dhammo ca, so sucī so ca brāhmaṇo.
Dudu karana rambute di klabang; ora karana turunan, uga ora karana kasta kang nemtokake sawijining wong iku sawijining Brahmana. Sawijining wong sinebut Brahmana mono manawa sajroning pribadi-ne kasinungan Kasunyatan sarta Kabecikan.
393
12. kiṃ te jaṭāhi dummedha, kiṃ te ajinasāṭiyā.
abbhantaraṃ te gahanaṃ, bāhiraṃ parimajjasi.
Apa-ta gunane rambut di klabang he wong cubluk? Apa-ta gunane manganggo hubah walulang menjangan, yen kahanane batin-ira isih kebak piala? Sira mung reresik perangan lahir, dene batinmu isih kebak rereged.
394
13. paṃsukūladharaṃ jantuṃ, kisaṃ dhamanisanthataṃ.
ekaṃ vanasmiṃ jhāyantaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke Sun sebut Brahmana; yaiku kang manganggo jubah prasaja, awak kuru amarga tarakbrata, sarandhuning awake katon urat-urate, dedunung ing alas tanpa lanthi, mempeng ulah semadi.
395
14. na cāhaṃ brāhmaṇaṃ brūmi, yonijaṃ mattisambhavaṃ.
bhovādi nāma so hoti, sace hoti sakiñcano.
akiñcanaṃ anādānaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Ingsun ora nyebut dheweke Brahmana mung karana dheweke asal saka kulawarga Brahmana, utawa karana dheweke linahirake saka kandhutane sawijining ibu Brahmana. Manawa dhiri-pribadi-ne isih kebak sesuker, kang mangkono dheweke mung sawijining Brahmana karana jeneng. Ananging wong kang tanpa cacad sarta wis luwar saka bebandan, dheweke patut Sun sebut sawijining Brahmana.
396
15. sabbasaṃyojanaṃ chetvā, yo ve na paritassati.
saṅgātigaṃ visaṃyuttaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke Sun sebut Brahmana, yaiku kang wis medhoti sakabehing bebandan-bebandan kang ora tau nglokro, kang wis luwar saka bebandan-bebandan, kang wis resik saka sakabehing sesuker.
397
16. chetvā naddhiṃ varattañca, sandānaṃ sahanukkamaṃ.
ukkhittapalighaṃ buddhaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana; yaiku kang wis medhoti sabuk'ing rasa gething, tali-kuliting napsu pepenginan sarta tali-ramining wawasan kliru lan reresik kabeh sesukering batin. Mangkono uga menawa dheweke wis nyingkirake kayu pepalang (kebodohan) lan mangerti marang bebener.
398
17. akkosaṃ vadhabandhañca, aduṭṭho yo titikkhati.
khantībalaṃ balānīkaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana; yaiku kang sarana sabar ngadhepi pitenahan, tindak pa-nganiaya sarta paukuman sanajan dheweke ora luput, sabar lan tatag ngadhepi sakabehe lelakon mau.
399
18. akkodhanaṃ vatavantaṃ, sīlavantaṃ anussadaṃ.
dantaṃ antimasārīraṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang uwal saka napsu, kang sarana nliti netepi kuwajiban agamane, manut-miturut marang tata-susila, murni bisa ngendhaleni dhiri sarta jasad kang kadarbe iki jasade kang wekasan.
400
19. vāri pokkharapatteva, āraggeriva sāsapo.
yo na limpati kāmesu, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang darbe sipat kayadene banyu ing sadhuwure godhong terate, utawa kayadene mrica ing pucuking dom, ora kabanda dening kasenengan-kasenengan ndonya.
401
20. yo dukkhassa pajānāti, idheva khayamattano.
pannabhāraṃ visaṃyuttaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke Sun sebut Brahmana, yaiku kang sanajan ing sajrone uripe saiki iki, ngawekani wekasaning panandhang, kang wis nyingkirake kabutuhane sarta wis ora kebanda.
402
21. gambhīrapaññaṃ medhāviṃ, maggāmaggassa kovidaṃ.
uttamatthamanuppattaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang darbe kawicaksanan luhur, wasis sarta titi bab bedo-bedane marga kang bener lan luput, kang wis kaleksanan nggayuh kamulyan luhur.
403
22. asaṃsaṭṭhaṃ gahaṭṭhehi, anāgārehi cūbhayaṃ.
anokasārimappicchaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang mung kalamangsa srawung marang wong kang isih padha urip sesomahan, kang ngumbara tanpa rowang sarta ora manggon ing panggonan kang tetep, sarta mung sethithik kebutuhane.
404
23. nidhāya daṇḍaṃ bhūtesu, tasesu thāvaresu ca.
yo na hanti na ghāteti, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang wis ora tau nyikara titah-titah liya kang rosa utawa kang ringkih, kang wis ora memateni utawa akon marang wong liya supaya memateni.
405
24. aviruddhaṃ viruddhesu, attadaṇḍesu nibbutaṃ.
sādānesu anādānaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang wis ora duwe rasa gething ing antarane wong kang gething; ora memungsuhan ing antarane wong kang padha daksiya; sarta ora adreng ing antarane wong kang padha adreng.
406
25. yassa rāgo ca doso ca, māno makkho ca pātito.
sāsaporiva āraggā, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang wis rontog: napsune, rasa gethinge, gumendhunge sarta sumuci-sucine, kayadene mrica ing pucuking dom.
407
26. akakkasaṃ viññāpaniṃ, giraṃ saccamudīraye.
yāya nābhisaje kañci, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang ucape alus sarta ngemu Piwulang kang bener, kang ora gawe kapitunan utawa serike atining liyan.
408
27. yodha dīghaṃ va rassaṃ vā, aṇuṃ thūlaṃ subhāsubhaṃ.
loke adinnaṃ nādiyati, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Dheweke patut Sun sebut Brahmana, yaiku kang ora njejupuk apa kang ora diwenehake (kang gedhe utawa cilik, kang dawa utawa cendhak). uga kang apik utawa ala.
409
28. āsā yassa na vijjanti, asmiṃ loke paramhi ca.
nirāsāsaṃ visaṃyuttaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang ora duwe napsu marang alam (donya) iki utawa alam liyane, kang wis uwal saka pepenginan sarta wis ora kraket marang sabarang, kang mangkono iku dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
410
29. yassālayā na vijjanti, aññāya akathaṃkathī.
amatogadhamanuppattaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang wis ora duwe pepenginan maneh, kang wis uwal saka rasa mangu-mangu amarga ndarbeni kawruh sampurna kang wis njajagi kahanan tanpa pati (Nibbana), kang mangkono iku patut sinebut sawijining Brahmana.
411
30. yodha puññañca pāpañca, ubho saṅgamupaccagā.
asokaṃ virajaṃ suddhaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang wis ngungguli kabecikan, budi candhala, ora kraket marang sabarang sarta wis ora duwe sedhih, tanpa cacad, sarta murni, kang mangkono iku, dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
412
31. candaṃva vimalaṃ suddhaṃ, vippasannamanāvilaṃ.
nandībhavaparikkhīṇaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang wis resik kayadene rembulan purnama kang ora kalimputan mega, tanpa cacad, bening sarta resik bebudene, kang mangkono iku dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
413
32. yomaṃ palipathaṃ duggaṃ, saṃsāraṃ mohamaccagā.
tiṇṇo pāragato jhāyī, anejo akathaṃkathī.
anupādāya nibbuto, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang wis nyabrangi segara-panguripan (samsara) kang regred, mbebeyani sarta asipat semu (maya), sarta wis tumeka ing gisik sabrang (Nibbana), kang tekun semadi, anteng, kalis saka rasa mangu-mangu, kang wis ora kraket marang sabarang, sarta wis anggayuh Nirwana, kang mangkono iku dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
414
33. yodha kāme pahantvāna, anāgāro paribbaje.
kāmabhavaparikkhīṇaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang sarana mbuwang pepenginan-pepenginaning indriyane, banjur ninggalake urip sesomahan, sarta niyat urip tanpa omah, kang wis nglebur pepenginane marang wewujudan ing kono dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
415
34. yodha taṇhaṃ pahantvāna, anāgāro paribbaje.
taṇhābhavaparikkhīṇaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang sarana mbuwang napsu indriyane banjur ninggalake urip-sesomahan sarta niyat urip tanpa-omah, kang wis nyirnakake napsu pepenginan marang kadonyan; mangkono iku dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
416
35. hitvā mānusakaṃ yogaṃ, dibbaṃ yogaṃ upaccagā.
sabbayogavisaṃyuttaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang sarana nyingkirake bebandan-bebandan kadonyan sarta wis ngungguli bebandan-bebandan kaswargan, sarta temen-temen wis uwal saka sakehing bebandan kang mangkono iku dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
417
36. hitvā ratiñca aratiñca, sītibhūtaṃ nirūpadhiṃ.
sabbalokābhibhuṃ vīraṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang sarana ngungguli rasa seneng lan ora seneng, kang wis adhem sarta wis nyirnakake dhasar-dhasar kanggo wewujudan, uga wis ngungguli dhasar-dhasar kanggo wewujudan, uga wis ngungguli sakabehing jagad, ing kono dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
418
37. cutiṃ yo vedi sattānaṃ, upapattiñca sabbaso.
asattaṃ sugataṃ buddhaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang darbe kawruh ampurna bab timbul sarta musnane titah-titah, kang wis mardika, wis lunga kanthi becik (Sugata) sarta wis nggayuh Pepadhang, ing kono dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
419
38. yassa gatiṃ na jānanti, devā gandhabbamānusā.
khīṇāsavaṃ arahantaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang tabete ora kena dilacak, sanajan para Dewa, gandarwa utawa manungsa, kang wis nyirnakake sakabehing sesukere batin, sarta wis nggayuh kasukcen (Arahat), kang mangkono iku dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
420
39. yassa pure ca pacchā ca, majjhe ca natthi kiñcanaṃ.
akiñcanaṃ anādānaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang wis ora kabanda dening apa kang wis kapungkur, saiki utawa kang bakal tumeka, kang ora gepokan utawa kraket marang samubarang apa wae, kang mangkono iku dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
421
40. usabhaṃ pavaraṃ vīraṃ, mahesiṃ vijitāvinaṃ.
anejaṃ nhātakaṃ buddhaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Panjenengane Kang Minulya, Agung, Pahlawan, Sutapa Agung (Mahesi), Paneluk, Manungsa Tanpa Napsu, Murni, Wus Anggayuh Pepadhang, ing kono dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
422
41. pubbenivāsaṃ yo vedi, saggāpāyañca passati,
atho jātikkhayaṃ patto, abhiññāvosito muni.
sabbavositavosānaṃ, tamahaṃ brūmi brāhmaṇaṃ.
Manungsa kang ngawekani sakabehing panguripane kang wis kapungkur, kang biso weruh kahanan-kahanan swarga lan neraka, kang wis nggayuh pungkasaning kalahiran, sarta wis anggayuh kasampurnaning pepadhang, wong suci kang wis nyampurnakake sakabehing kasampurnan, ing kono dheweke patut sinebut sawijining Brahmana.
423