XXV. BHIKKHU VAGGA ~ Wiku
1. cakkhunā saṃvaro sādhu, sādhu sotena saṃvaro.
ghānena saṃvaro sādhu, sādhu jivhāya saṃvaro.
Rumeksa pigunane mripat iku becik; mangkono uga rumeksa pigunane talingan; rumeksa pigunane irung iku becik, mangkono uga lidhah kang rineksa ing pigunane.
360
2. kāyena saṃvaro sādhu, sādhu vācāya saṃvaro.
manasā saṃvaro sādhu, sādhu sabbattha saṃvaro.
sabbattha saṃvuto bhikkhu, sabbadukkhā pamuccati.
Pratingkah kang dikendhaleni iku becik, pocapan kang dikendhaleni iku becik; pikiran kang dikendhaleni iku becik; sakehing bab kang dikendhaleni iku becik. Sawijine wiku kang wis nguwasani sakabehing bab, luwar saka sakabehing panandhang.
361
3. hatthasaṃyato pādasaṃyato, vācāsaṃyato saṃyatuttamo.
ajjhattarato samāhito, eko santusito tamāhu bhikkhuṃ.
Menawa ana wong kang ngendhaleni tangan lan sikile, ngendhaleni pocapane sarta pratingkahe kanthi becik, kang mempeng semadine sarta ndarbeni batin kang jenjem, kang urip tanpa kanthi sarta marem marang apa anane. Kang mangkono iku sinebut Wiku.
362
4. yo mukhasaṃyato bhikkhu, mantabhāṇī anuddhato.
atthaṃ dhammañca dīpeti, madhuraṃ tassa bhāsitaṃ.
Sawijining wiku kang rumeksa lidhahe; kang mocap sinartan kawicaksanan sarta ora gumendhung, lamun ngandharake Dhamma sinartan maknane, kang mangkono iku banget edi ucaping wiku iku.
363
5. dhammārāmo dhammarato, dhammaṃ anuvicintayaṃ.
dhammaṃ anussaraṃ bhikkhu, saddhammā na parihāyati.
Sawijining wiku kang lestari mempeng ing Dhamma, sarta suka-gambira ing sajroning Dhamma, kang tansah mawas sarta setiti ing Dhamma, kang mangkono iku ora bakal bisa kepleset marang dalan kang nyasar.
364
6. salābhaṃ nātimaññeyya, nāññesaṃ pihayaṃ care.
aññesaṃ pihayaṃ bhikkhu, samādhiṃ nādhigacchati.
Sayogyane dheweke ora ngresula marang apa kang tinampa, uga dheweke ora meri marang apa kang kadarbe dening liyan. Sawijining wiku kang meri marang apa kang kadarbe dening liyan; wiku kang mangkono iku ora bisa nggayuh kamajuwaning semadi.
365
7. appalābhopi ce bhikkhu, salābhaṃ nātimaññati.
taṃ ve devā pasaṃsanti, suddhājīviṃ atanditaṃ.
Sanajan pisungsung kang tinampa mung sethithik, wiku kang uripe suci lan taberi, ora bakal ngresula. Para dewa padha mangayubagya marang dheweke.
366
8. sabbaso nāmarūpasmiṃ, yassa natthi mamāyitaṃ.
asatā ca na socati, sa ve 'bhikkhū'ti vuccati.
Dheweke kang wis ora kraket marang pangerten "aku" lan "darbekku", becik kang gegayutan karo batin utawa jasmani, sarta ora anggetuni marang apa wae kang wis pisah saka dhirine; kang mangkono iku wis mungguh banget lamun sinebut wiku.
367
9. mettāvihārī yo bhikkhu, pasanno buddhasāsane.
adhigacche padaṃ santaṃ, saṅkhārūpasamaṃ sukhaṃ.
Sawijining wiku kang urip ing swasana tresna-asih sarta ndarbeni kayakinan marang Piwulange Sang Buddha, kang mangkono dheweke bakal tumeka ing alam Tentrem (Nibbana) Yaiku: Alam Kabegjan sarta mandhege bab-bab kang dumadi saka bebakalan-bebakalan kang ora langgeng (berkondisi) utawa Sankhara.
368
10. siñca bhikkhu imaṃ nāvaṃ, sittā te lahumessati.
chetvā rāgañca dosañca, tato nibbānamehisi.
O wiku, suwungna prau (jasad) iki. Lamun wis disuwungake, prau iki bakal gancang lakune. Sawise munggel napsu pepenginan, ing kono sira bakal nggayuh Nibbana.
369
11. pañca chinde pañca jahe, pañca cuttari bhāvaye.
pañca saṅgātigo bhikkhu, 'oghatiṇṇo'ti vuccati.
Punggelen bebandan warna limo iku, sarta tinggalen lan kwasanana limo-limane pisan. SAwijining wiku kang wis mardikakake dhirine saka bebandan warna limo iku sinebut "Manungsa kang wis nyabrangi ili-ne ombak tumimbal lahir".
370
12. jhāya bhikkhu mā pamādo, mā te kāmaguṇe ramessu cittaṃ.
mā lohaguḷaṃ gilī pamatto, mā kandi 'dukkhamida'nti ḍayhamāno.
Ulaha semadi O wiku, sarta aja kalepyan. Aja ngumbar pikiranmu katrem marang kasenengan-kasenenganing indriya, supaya sira ora usah ngulu balwesi mengangah karana kalepyan-ira, supaya sira ora usah sambat kelaran karana kobong: "Yaiki panandhang".
371
13. natthi jhānaṃ apaññassa, paññā natthi ajhāyato.
yamhi jhānañca paññā ca, sa ve nibbānasantike.
Ora bakal ana semadi tumrap wong kang ora darbe kawicaksanan, sarta ora bakal ana kawicaksanan tumrap wong kang ngulinakake semadi sarta wicaksana sajatine dheweke iku cedhak marang Nibbana.
372
14. suññāgāraṃ paviṭṭhassa, santacittassa bhikkhuno.
amānusī rati hoti, sammā dhammaṃ vipassato.
Tumrap sawijining wiku kang wis manggon ing papan kang sepi, lan wis nelukake pikirane sarta wis ngawekani marang Dhamma kanthi terwaca, kang mangkono iku dheweke bakal nikmati suka-pari suka kang durung tau dialami dening wong-wong kang isih nglakoni urip kadonyan.
373
15. yato yato sammasati, khandhānaṃ udayabbayaṃ.
labhatī pītipāmojjaṃ, amataṃ taṃ vijānataṃ.
Lamun dheweke bisa manoni kanthi cetha bab tuwuh sarta siline pepanthaning urip (kandha), dheweke bakal kepranan sarta tentrem batine. Sajatine, tumrap kang wis padha ngawekani, ora bakal ana "pati" maneh.
374
16. tatrāyamādi bhavati, idha paññassa bhikkhuno.
indriyagutti santuṭṭhi, pātimokkhe ca saṃvaro.
Kang wajib katindakake dening wiku kang wicaksana yaiku: Nyandhet hardaning napsu indriya, marem marang apa kang ana, netepi pranatan-pranatan (Patimokkha), sarta ndarbeni pasrawungan karo para wicaksana (sabrahmacari), kang tumemen sarta taberi ing pambudidaya.
375
17. mitte bhajassu kalyāṇe, suddhājīve atandite.
paṭisanthāravutyassa, ācārakusalo siyā.
tato pāmojjabahulo, dukkhassantaṃ karissati.
Sayogyane dheweke semarak sarta anor-raga (andhap-asor). Karana sengsem marang bab-bab kasebut, dheweke bakal luwar saka panandhang.
376
18. vassikā viya pupphāni, maddavāni pamuñcati.
evaṃ rāgañca dosañca, vippamuñcetha bhikkhavo.
Kayadene tuwuhan "Vassika" (saemper kembang mlati kang mrambat) nggrogake kembange dhewe kang wis alum sarta garing, mangkono uga sayogyane sira O, wiku, mbuwang napsu sarta gegething.
377
19. santakāyo santavāco, santavā susamāhito.
vantalokāmiso bhikkhu, 'upasanto'ti vuccati.
Sawijining wiku kang darbe pakarti, ucapan sarta pikiran kang anteng lan manunggal, uga nyingkirake bab-bab kadonyan, kang mangkono dheweke pantes sinebut manungsa kang sanyata mardika.
378
20. attanā codayattānaṃ, paṭimaṃsetha attanā.
so attagutto satimā, sukhaṃ bhikkhu vihāhisi.
Sira wajib ngelingake sarta neliti dhiri-pribadi. O wiku, lamun sira bisa rumeksa dhiri-pribadinira sarta eling, sira bakal urip ing jroning kabegjan.
379
21. attā hi attano nātho, (ko hi nātho paro siyā)
attā hi attano gati.
tasmā saṃyamamattānaṃ, assaṃ bhadraṃva vāṇijo.
Dhiri pribadi mono sejatine uga pangayom tumrap dhiri-pribadi. Dhiri-pribadi iku duwe arah-tujuwane dhewe. Karana iku kendhalenana dhiri-pribadinira, kayadene kusir jaran ngendhaleni jaran kang becik.
380
22. pāmojjabahulo bhikkhu, pasanno buddhasāsane.
adhigacche padaṃ santaṃ, saṅkhārūpasamaṃ sukhaṃ.
Sawijining wiku kang kerta-tentrem sarta darbe kapitayan marang Piwulange Sang Buddha, kang mangkono dheweke bakal tumeka ing kahanan mardika, yaiku kahanan begja sarta mandheg-ing bab-bab kang mawa sarat utawa Nibbana.
381
23. yo have daharo bhikkhu, yuñjati buddhasāsane.
somaṃ lokaṃ pabhāseti, abbhā muttova candimā.
Sanajan sawijining wiku isih enom umure, ananging manawa dheweke mempeng nyinau Piwulange Sang Buddha, dheweke bakal madhangi jagad iki, kayadene rembulan kang luwar saka limputaning mega.
382